Minggu, 04 Januari 2015

Geguritan Gagrak Anyar

Geguritan iku kalebu karya sastra kang awujud puisi nanging puisi jawa modhel anyar utawi luwih wigati kasebut Geguritan gagrak anyar. Geguritan gagrak anyar yaiku geguritan kang wis ora kaiket dening wewaton (guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu).
Kaendahaning geguritan gagrak anyar dumunung ing:
1.    Apiking ukara kang cocog karo isi karangan
2.    Pilihan tembung-tembung kang mantesi lan mentes
3.    Nggunakake wirama lan basa (purwakanthi, dwipurwa, seselan, lsp)
Kang perlu di gatekake nalika nulis geguritan:
o    Ora kawengku ing pathokan
o    Migunakake tembung-tembung pilihan
o    Cacahe larikan oar katemtokake
o    Sajak akhir bebas
o    Dudu basa padinon
o    Arang-arang migunakake tembung pangiket
o    Sawetara nggunakake tembung kawi
o    Isine mentes
o    Nggunakake purwakanthi basa, swara lan sastra
Reruntutan gawe geguritan:
1.    Nemtokake tema geguritan
2.    Menehi judul/sesirah
3.    Milih tembung lan ukara sing mentes
4.    Golek lan ngrakit ukar kang ana bobote susastra
5.    Konsentrasi kang serius kanggo nglancarake daya imajinasi

6.    Diwaca bola-bali lan di tliti maneh endi sing kurang trep

Tidak ada komentar:

Posting Komentar