Kethoprak
Kethoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priya ing ndhususn sing
lagi nganakake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan
purnama ndadari, kasubet gejog. Ana ing tembe keiring temang bebarengan ing
kampong/shusun kanggo lelipur. Sateruse ana tambahan kendhang, terbang
lan suling. Mula wiwit saka ku kasebut kethoprak lesung. Kira kira kedadeyan
ing tahun. Banjur ana ing tahun 1909 wiwitan dianakake pagelaran kethoprak
kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran
kethoprak wiwitan sing resmi ing ngarepe masuarakat/umum, yaitu kethoprak
wreksotomo, dipandhegani dening Ki Wisangkoro, sing mandhegani kabeh kakung.
Carita sing dipagelarake yaiku: warsa-warsi, Kendana Gendini, Darma Darmi, lsp.
Sawise
ikku pagelaran kethoprak sansaya suwe dai apik uga dadi klangenane masyarakat,
utamane ing tlata Yogyakarta.
JINIS
KETHOPRAK
Anane
gegayutan karo teater para nara praja, mula pagelaran kethoprak, bisa
dibedakake mangkene:
1.
Kothekan lesung
2.
Kethoprak lesung
wiwitan
3.
Kethoprak gamelan
4.
Kethoprak gamelan
pendhopo
5.
Kethoprak panggung
ISI
CARITA
Rupa
werna carita pagelaran kethoprak umpama carita rakyat, dongeng babad, ledenfa,
sejarah lan adaptasi saka negari manca bisa uga migunakake swasana Indonesia,
tuladhane kaya Shakespeare: Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita
baku: Darma-Darmi, Warsa-warsi, Kendhana-gendhini, Abdul sumararupi, Panju
Asmara Bangun, Klana Sewandana, Andhe andhe lumut, Angling darma, Rara mendut,
Damar Wulan, Ranggalawe, Jaka Bodo.
Crita
klangenan masyarakat bisa awujud carita pahlawan, peperangan, carita
nglempengake kabecikan adate ing pungkasan carita sing rumindake becik, jujur
bakal entuk kemenangan. Ageman para nayaga pemain, dipadakake karo carita kang
dipagelarake. Biasane nganggo ageman para narapraja jawa wektu jaman kerajaan
mbiyen. Umpama Pangeran Wiroguna agemane ngaggo priyayi Jawa Pangeran saka
tlatah Jawa Tengah (Yogyakarta), semono uga prajurit. Nanging uga ana ageman
kang awujud simbolis, umpamane piyantun wicaksana aweni ageman cemeng, piyantun
suci aweni ageman pethak, ingkang kendel agamene abang. Carita Baghdad
agemane "Mesiran" nganggo afeman sutra. Ageman wayang wong uga ana
gegayutane karo kethoprak, utamane Kethoprak pesisiran tlatah Jawa pesisir lor.
Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga
ana ageman kasebut basahan, yakuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan
bisa rupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo jubah). Ageman
basahan iki adate ana ing carita menak utawa carita para wali/para ulama islam
ing sajerone praja.
Sing
dadi ciri wancine kethoprak :
1.
Para nayaka/pemain
2.
Kiering tetabuhan
(gamelan)
3.
Ageman tembang
kand dadi tetenger kethoprak
4.
Rembugan uga biasa
nganggo tembang, tembang bisa mujudake dadi
pengiring adegan, dialog, monolog, utawa dadi narasi
5.
Unining gamelan
kanggo ngiringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatic,
kang mbedakake adgean siji lan sijine.
PERANGKAT
PENGIRING
Kendhang,
saron, kethuk, kenong lan gong kemada. Gamelan jangkep adate nganggo suling
utawa terbang. Kanthi tambahan keprak. Para nayaga kethoprak biasane pinter
anggone acting, uga pinter nembang lan njoged beksan. Para pradangga gamelan,
bebearengan karo sindhen waranggana ngeriringi irama gamelan kethoprak.
Senadyan
sing dianggo basa Jawa, nanging kudu nganggo unggah ungguh basa, bisa nganggo
basa ngoko, basa krama, lan krama inggil. Seaiki ana ingg wolak waliking jaman,
kethoprak uga duwe improvisasi kanthi wujud dafelan lan kethoprak humor ana ing
siaran radio lan televisi. Carita bakune pada nanging dipagelarake kanthi
dhagelan. Mligi ngemukake lan nyenengake pemirsane
Tidak ada komentar:
Posting Komentar