Senin, 24 November 2014

Rangsang Tuban

Serat Rangsang Tuban menika nyariyosaken pengeran Tuban yaiku Pangeran Warihkusuma lan Pangeran Warsakusuma, menika putranipun Raja Sindupati saking Kerajaan Tuban. Nalika bapakipun seda, ingkang nggantosaken dados raja menika Pangeran Warsakusuma. Pangeran Warsakusuma lan Pangeran Warihkusuma dados musuhan amarga Pangeran Warihkusuma nikahi Endang Wresti, Pangeran Warsakusuma ugi remen kalih tiyang estri menika. Piyambeke banjur ngfitnah Kangmasipun supados dipun usir saking kerajaan. Banjur Warsakusuma nikah kaliyan Endang Wrest lan gadhah putra namanipun Udakawimba. Sasampunipun di usir.

Pangeran Warihkusuma banjur berkelana, ngantos satunggaling dinten piyambekipun dhateng wonten Kerajaan Banyubiru, banjur ngabri dhumateng Prabu Hertambang. Ningali kinerjamipun Pangeran Warihkusuma, Prabu Hertambang banjur nikahaken putri tunggalipun nggih menika Dewi Wayi. Ananging sasampunipun nikahan, wonten kedadean ingkang ndadosaken Dewi Wayi desa. Puniki ndadosaken Pangeran Warihkusuma dipun usir. Anakipun saking perkawinan menika ugi dipun kelikake wonten kali. Anake banjur ditemokaken Kyai Bulud Wulusan dados dipun wenehi nama Rara Sendang.

Satunggaling dinten Warihkusuma ngimpi menawi piyambekipun kepanggih kaliyan Endang Wresti, menika ingkang mbekta Warihkusuma wangsul wonten Kerajaan Tuban. Patih Toyamarta remen kaliyan wangsulipun Warihkusuma, amarga Warsakusuma sampun seda, lan kerajaan ingkang wiwitipun sementara dipun pimpin kalih Toyamerta banjur dipun wangsulaken dhateng Warihkusuma. Warihkusuma banjur dadi Raja Tuban. Nanging Prabu Warihkusuma ingkang mboten remen kaliyan anakipun Endang Wresti kaliyan Warsakusuma yaiku Udakawimba banjur diusir. Udakawimba banjur medal lan berguru dhateng Kyai Wulusan. Banjur Udakawimba kaliyan Rara Sendang nikahan. Nalika bertapa, Udakawimba ngimpi menawi wonten istana ingkang dalemipun kathah emase. Emas puniki dados modal Udakawimba ndamel kota ingkang mewah kagem nyerang Kerajaan Tuban.
Nalika Kerajaan Tuban dipun serang, Prabu Warihkusuma kabur menyang hutan, lan dados biku. Wonten Kerajaan Banyuubiru, Prabu Hertambang seda, tahta kerajaan dipun gantos dening putrinipun nggih menika Dewi Wayi. Salaminipun dados ratu, kerajaan aman sejahtera ananging satunggaling dinten Dewi Wayi anggadhahi kapenginan mbaur kaliyan rakyatipun. Ngantos nalika piyambekipun wonten ing satunggal gunung kepanggih kaliyan biku ingkang ternyata biku menika Raden Warih Kusuma. Raden Warihkusuma banjur nyariyosaken kedadean ingkang andadosaken piyambekipun wonten ngriku. Dewi Wayi banjur ndadosaken pasukan saking Udakawimba mundur perlahan ngantos Udakawimba nyerah. Sasampunipun nyerah, Udakawimba dipun utus kagem mbekta garwa kaliyan mertuanipun dhateng Dewi Wayi. Ternyata Garwanipun nggih menika putrinipun Dewi Wayi Kaliyan Prabu Warihkusuma, lan tindakanipun Udakawimba nyerang kerajaan Tuban dipun ngapura dening Prabu Warihkusuma.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar