Selasa, 25 November 2014

Ukara Lamba lan Ukara Camboran

UKARA LAMBA
Ukara Lamba yaiku ukara kang Jejer lan Wasesane mung siji. Ukara lamba dumadi saka Pola ukara lamba, yaiku:
1.    Jejer (J) – Wasesa (W)
a.    Bapak badhe Siram.
     J                  W
b.    Adhikku nangis.
J        W

2.    Jejer (J) – Wasesa (W) – Lesan (L)
a.    Bapak nitih motor.
     J               W              L
b.    Ibu mundhut beras.
  J        W       L

3.    Jejer (J) – Wasesa (W) – Katrangan (K)
a.    Ibu masak ing pawon.
  J      W         K
b.    Para siswa lagi upacara ing lapangan.
J               W                   K

4.    Jejer (J) – Wasesa (W) – Lesan (L) – Katrangan (K)
a.    Ibu mundhut beras ing pasar.
  J         W                 L       K
b.    Bocah-bocah arep nonton bal mengko sore.
    J              W       L        K

5.    Katrangan (K) – Jejer (J) – Wasesa (W)
a.    Saben dina minggu aku ngumbahi.
K.Wektu        J        W
b.    Ing alun-alun aku mlaku-mlaku.
K.Panggonan   J        W

6.    Katrangan (K) – Jejer (J) – Wasesa (W) – Lesan (L)
a.    Ing Kutha Tegal para siswa melu lomba egrang.
K.Panggonan       K        W        L
b.    Saben tanggal 21 April para siswa ngrayakake dina kartini.
K.Wektu                  J            W             L

UKARA CAMBORAN
Ukara Camboran (kalimat majemuk) yaiku ukara ding dumadi saka ukara rong ukara lamba utawa luwih kang digandeng dadi siji. Lumrahe migunakake tembung pangiket kayata: lan, nanging, mulane, utawa tandha koma (,).
1.    Ukara Camboran Sejajar (Kalimat Majemuk Setara)
Ukara camboran sejajar yaiku ukara camboran kang dumadi saka rong ukara lamba utawa luwih. Tembung panggandeng kang di anggo kayata: lan, nanging, dene, lsp.
Tuladha:
a.    Santi rambute dawa dene rina rambute brintik.
b.    Ibu lan bapak tindak dhateng daleme simbah.
c.    Pak Guru sampun rawuh nanging sakmenika saweg rapat.
2.    Ukara Camboran Susun (Kalimat Majemuk Bertingkat)
Ukara camboran susun yaiku ukara camboran kang dumadi saka rong ukara utawa luwih, nanging ukara sing siji dadi katrangan ukara liyane. Ukara kapisan minangka ukara baku (kalimat inti), dene ukara kapindho minangka ukara pang (anak kalimat). Tembung panggandheng kang di engggo kayata: amrih, supaya, amarga, awit, jalaran, mula, mulane, lsp.
Tuladha:
a.    Sirahku mumet banget, rasane cenat-cenut.
b.    Aku ora bakal teles klebes nalika mau nggawa payung.

c.    Aku kudu sregep sinau supaya lulus sekolah


Tidak ada komentar:

Posting Komentar