Tilar pithik
wonten ing adiacara mantenan Jawa Tengah, wonten ing daerah Magelang,
Dusun Sawahan Pancuranmas, Kecamatan Secang, Kabupaten Magelang. Wonten adat
mantenan ingkang namanipun tilar pithik. Tilar pithik menika dipun lampahaken
bakda resepsi wonten ing manten estri. Bakda adicara resepsi wonten ing manten
estri kelar, manten estri lajeng dipun dherekaken wonten ing dalemipun manten
kakung kagem paserahan utawi seserahan manten. Menawi saking pihak manten estri
mboten saged langsung seserasan. Saged dipun lampahaken benjangipun utawi
dinten salajengipun. Menawi dalemipun mempelai kakung nglewati jembatan.
Biasanipun wonten proses tilar pithik.
Ingkang
dipun maksud tilar pithik menika, inggih menawi nglewati jembatan kedah ninggal
seekor pithik jawa. Seekor pithik jawa ingkang umuripun tasih enom lan dereng
ngendhok. Menawi nalika ndherekaken manten estri dhateng dalemipun manten
kakung nglewati kalih jembatan, lajeng wonten ing jembatan menika dipun paringi
pithik satunggal-satunggal. Sesuai kalih jumlah jembatan ingkang dipun lewati.
Ubarampe kagem tradhisi tilar pithik inggih menika pithik jawa, keranjang
anyaman saka pring lan tali rafia.
Proses tilar
pithik menika mboten sembarangan. Kedah dipun lampahaken kalih tata cara
ingkang leres. Tilar pithik biasanipun diselehaken bebas lan saged dipun
pundhut kalih sinten kemawon. Anggeripun mboten dipun pundhut kalih keluwarga
saking manten kakung lan saking manten estri. Tilar pithik wonten ing adicara
mantenan anggadhahi ancas supados mantenan menika saged langgeng, lan kagem
nolak balak.
Proses tilar
pithik menika kedah dipun lampahaken. Amargi menawi mboten dipun lampahaken,
miturut nenek moyang utawi sesepuh rumiyin, mangkeh manten menika saged angsal
cilaka. Saged kadadean ing wekdal menika utawi wonten ing panguripan mangkeh.
Amargi tilar pithik menika nolak balak. Biasanipun proses tilar ayam menika,
kagem penghuni wonten ing jembatan menika.
Menawi wonten ing adicara mantenan utawi wonten ing paserahan manten
mboten nglewati jembatan. Maka mboten usah mlapahaken adicara tilar pithik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar