Sakabehing para Nabi pada kangungan catetan kitab pitutur becik, iku kabeh
siji-sijine kitab pada duwe daya penarik penggendeng.
Yen kita ahli kitab Injil iku kita banjur trisna marang golongan, yen kita
weruh pastur ing batin duwe rasa wedi lan asih, nanging aja lali marang bibit
sekawite tanah aire dewe yen kita ahli Kur’an iku kita tansah trisna marang
agama Islam nanging aja dilalekate tanah aire Indonesia kang subur, apa kang
tinandur tukul kanti makmur.
Yen kita ahli pakem Wedha (wayang) banjur trisna marang tanah Pulau Jawa
kang dadi pusating Indonesia, yen kita kapetuk marang wong tuwa, kang wis metu
saka hawa duwe rasa wedi tur asih, banjur karem prihatin, tiru-tiru satriya
Ngamarta Pandawa kang karem tapa, amrih bisa kuwasa.
Semono uga manca buku “Roman” iku ya katarik-katarik Roman ngobong pikiran
dadi ora aman, ngelayung duduk bingung, berdiri bingung wusana lali bapa
biyung, yen dituruti suwe-suwe turut urung-urung.
Pitutur seka Injil, Kur’an, Wedha, ika kagawa seka majuning jaman
dipecah-pecah dadi pirang-pirang piwulang dadi pirang-pirang piwulang. Kur’an
mujudake kumpulan dadi N.U, Muhammadiyah, Islamiyah lan liya-liyane. Injil dadi
Pantekusta, Katolik, Protentan lan liya-liyane. Wedho iku dek jaman budha,
kitab-kitab isih manggon ana ing tanahe dewe-dewe. Negara lan Negara
biasa aman pada ayu ayom ayem tentrem, dene tekane kitab iku sarana digawa marang
para sudagar kang angkara, kepengin enggal-enggal negarane bisa sugih lan
bangsa-bangsane supaya bisa makmur lan termashur. Mara jajal itungen
agama ing tanah kita kira-kira meh ana 72 warna, iku karepe pada pada, mung
beda bahasane, kaya dene nyebut Gusti Kang Maha Kuwasa yen neng Eropa ngarani
God. Yen neng Cina ngarani Dhi Kong, yen Arab ngarani Allah, ana maneh kang
ngarani Sang Hyang Utipati, ana maneh Sang Hyang Latawal Ujwa, iku kabeh bener
angger cara bangsa kang nyebut marga ngerti kang dadi kekarepane, nanging yen
wong Jawa iku sok nggampangake wicara, yen ngarani Wahid jare Ngahad, yen
ngarani gulden jare segelo, mula barang-barang kang tiron iku arang-arang kang
ngerti kang dadi karep-karepe, mula alan-ingalan kae ala, awake dewe dielem
dewe, ngaku yen suci tur resik duwe rumangsa yen wis kanggep ing Gustine,
tandane kanggep iku yen ora ngiwa (nyebal) seka Gusti, jare ora dahar ora sare,
adil welas asih, kita kudu tiru-tiru dadi ora dadi cecongkrahan, rebut bener,
dadi ora kaber golek pangan, marga emoh tukar pengalaman, mula nontona wayang,
Dalang kang ngudal piwulang marga kabeh-kabeh iku ana wohe utawa buahe, dadi
aja mung dipangan kulite, kaya dene keris aja mung rangka (wadahe) kang
diisik-isik, njorone tainen (tiyengen) tanpa diresiki, mula para Nabi lan Wali
iku sabda dadi, marga landhep kebatinane. Tansah tumindak sabar dedana welas
lan asih, mula kinasih yen bisa saemper Nabi lan Wali, iku warna (neka-neka) 72
paham bisa manunggal (bersatu) dadi Rukun, iku ibarate (upamane) putrane wong
siji kang arep ngabekti marang wong atuwane, nganggo tatacara dewe-dewe, ana
kang nganggo tatacara Arab, ana kang nganggo tatacara Eropa, iku matuk tumrap
wong tanah aire kang nganggo, mesti ora pada cecongkrahan.
Mangkene pangandikane wong atuwanira, engger……………!!!
Bocah-bocah sira pada guyuba lan rukuna dadiya contone bangsa, lan pada
reksa-rineksa dandanana omah lan pekaranganira, supaya aja itung jam (pangan),
idep-idep karo prihatin, supaya enggal-enggal bisa rampung aja rebut kuwasa,
ing tembe yen wus rampung kanggo tinggalan bebrayan pada ngenggoni, sak-anak
lan putunira. Dene yen kowe pada cengkrahan, iku pangabektinira mung kandeg ana
ing dedalan, yen sira pada rusak kacemplung ing pakunjaran, wong atuwanira
kandeg ora bisa apa-apa sebab ana bageane dewe-dewe, dadi Ingsun mung Maha
Welas, susah lan bungah, suwarga lan neraka, begja lan mulya, iku mung ginawe
dewe-dewe. Bisane pada makmur yen sira kabeh pada akur guyub rukun. Bisane
guyub rukun iku yen sira kabeh pada akur guyub rukun. Bisane guyub rukun iku
yen sira pada sugih kawruh lan pengalaman, bisane sugih pengalaman iku yen sira
sugih sesrawungan, marang kanca kang sugih pengalaman, yen duwe paham mung
siji, iku rugi. Mula iku pada sesanjan, nanging aja gawe pakitunaning liyan,
dipurih temuruna anak lan putu anggone paseduluran, sebab seka reksa-rineksa,
tepa salira.
Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar