Satriya lan wanita
utama iku kudu percaya marang Hyang Sukma, rumangspa yen kawula, marga sapa
kang samar utawa was iku bakal tiwas.
Iku ana paribasane :
ora-ora diarani, suwe-suwe tak lakoni, yen manungsa rumangsa duwe Gusti, iku
kudu bagus ati, dadi yen ana tindak kang nasar ati, iku kudu dianti trima keri,
ora orane yen bakal lara ati, iku biasane akeh-akeh oleh ganti kang merak ati,
iku akeh kang wus bukti.
Dene yen sira
nglunja-lunja kurang narima, tansah nuruti angkara murka iku bakal ketula-tula,
sangsara kang den arani kesiku dendaning angkara, saya tuwa sangsaya sangsara,
malah ora duwe begja, sapa kang bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti, sapa kang
ngumbar angkara, iku cadangane sangsara. Mula sakabehing buku, Kitab, Kur’an,
Injil, Wedha, iku ngemot piwulang becik lan utama.
Senadiyan kita apal
buku utawa Kur’an nanging ora digugu pituture dawuh-dawuhe kang becik diarai
kapir tegese nyebal saka penggawe becik sapa kang nyebal saka penggawe becik
sapa kang nyebal saka penggawe kebagusan iku bakal apes jajane, asor
asmane surem cahyane wirang tembe burine, apa iku subur uripe!!!!
Mula iku yen kita
ngaku manungsa, kudu duwe agama, bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti. Ora
samar yen diala-ala ing liyan, lan ora ngarep-arep pawehing liyan, sebab kita
yen ngaku umat, satriya iku kudu adil, kudu jakat (paweh) marang sapa bae kang
lagi susah yen kita isih gagah kanti ora cacat aja pisan-pisan ngarep-arep
dijakati (wenehi) pilih endi bisa paweh lan diwenehi dene kang tampa paweh iku
ing batin rumangsa tanpa kanugrahan lan kebagusan.
Mula iku wajib
percaya marang awake dewe kang bagus ati, ora was sumelang, ing batin ora
rungsang-rungsang.
Sumber : Buku We Yoga
Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar