Senin, 08 Desember 2014

Pawai Ancak Sedekah Laut Ing Tegal


Tegal boten namung misuwur kaliyan babagan kulineripun nangng ugi babagan budaya tradhisinipun ingkang taksih kenthel wonten kitha Tegal. Dinten menika, kula badhe ngandharaken babagan Tradhisi Pawai Ancak Sedekah Laut wonten ing Kitha Tegal.

Pawai Ancsk Sedekah Laut menika tradhisi masyarakat Kitha Tegal wonten ing pesisir pantai utara (pantura) dening para nelayan. Pawai ancak menika kagem ungkapan rasa syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring berkah kaliyan rizkinipun saking hasil laut wiwit jaman biyen nganthos jaman sakmenika ingkang dados sumber matapencaharian.

Wonten adicara pawai ancak sedekah laut menika kedhah nyiapaken ubarampenipun nggih menika nem ndhas kebo, sesajen, nem replika kapal utawi omah adat kang bakal di angkut keliling. pawai menika dipun wiwitisaking pelabuhan Kitha Tegal dhateng Balai Kota Tegal nganthos dumugi Pantai Alam Indah (PAI). Wonten Pantai Alam Indah (PAI) menika, mangke para sesaji dipun bekta wonten tengahing laut ngagem kapal para nelayan, mangke dumugi tengah lajeng dipun larung sareng-sareng. Saderengipun sampun dipun dedonga supados Gusthi tetep maringi rizkinipun kagem para nelayan.

Pawai ancak sedekah laut dipun wontenaken setaun sepisan saben sasi muharam. Pawai ancak menika dados puncaking rentetan tradhisi sedekah laut. Adicara sedekah laut piyambek, dipun sengkuyung kaiyan werni-werni kesenian asli saking Kitha Tegal kayata Tarian Balo-Balo, Pawai Rolasan, Jaipong Tegalan, Tae Pek Kong, Pegelaran Wayang Golek, ugi wonten pasar malem kagem hiburanipun masyarakat Tegal.

Pawai ancak sedekah laut menika ugi kagem ajang silaturahmi kagem sarana silaturahmi kaliyan ngraketaken ing antawisipun para keluwarga nelayan ingkang jarang pepanggihan amargi sami nyambut damel wonten ing laut.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar