Tradisi Tedhak siten
punika salah satunggalipun upacara adat wonten ing tanah Jawi. Tedhak siten
punika saking tembung “tedhak” kaliyan “siten”. Tedhak nggadahi makna mandhap
utawi nepakaken suku. Siten saking tembung “siti” yaiku lemah. Saking tembung-tembung
punika, tedhak siten nggadahi makna inggih punika nepakaken suku wonten ing
lemah. Tradisi tedhak siten punika nggambaraken ancang-ancangipun lare kagem
nglampahi pagesangan ingkang nyata kaliyan sukses wonten ing wekdal
salajengipun dening pangestunipun Gusti ingkang Maha Kuwaos kaliyan
bimbinganipun saking tiyang sepuh,ugi saking Guru awit saking taksih alit.
Upacara tedhak siten ugi
nggadahi makna hubunganipun manungsa kaliyan negarinipun nglampahi pagesangan
ingkang sae ugi pener ing donya punika ugi tansah nguri-uri kaliyan jaga bumi.
Punika saged ndadosaken pagesangan ing donya ayem tentrem. Punika kagem
ngemutaken menawi donya sampun maringi kathah piranti dhumateng tiyang wonten
ing donya kagem ndukung pagesanganipun manungsa. Manungsa wajib ngaturaken
syukur dhumateng Alloh SWT, amargi sampun maringi alam donya ingkang sae
punika.
Upacara tedhak siten
dipunlaksanakaken dhumateng lare ingkang yuswanipun pitung lapan utawa 245
dinten.biasanipun upacar tedhak siten dipunlaksakaken ing wanci enjing wonten
ing ngajeng griya. Kajawi tiyang sepuhipun lare kalawau, eyang kakung kaliyang
putri ugi para pini sepuh punika tamu ingkang paling dipunkurmati. Kados wonten
ing saben upacara tradisional, upacara tedhak siten punika ugi dipun paringi
sesajen, kadosta: sekar, herbal ingkang dipuntata kagem muwuhi suasana ritual.
Sesajen punika mboten takhayul, ananging donga dhumateng Gusti, supados upacara
saged dipun laksanakaken kanthi lancar, ugi pangajabipun saking ritual kalawau
saged kaleksanan, inggih punika pikantuk berkah saking Gusti ingkang Maha
Kuwaos.
Ingkang dipun siapaken
wonten ing sesajen slametan inggih punika :
1. Sekul tumpeng kaliyan gudangan,
2. Sekar setaman ingkang dipun wadahaken bokor ageng kaliyan
lemah.
3. Ondo ingkang dipun damel saking tebu abrit.
4. Kurungan ayam ingkang dipun hiasi janur kuning utawi kertas
werna werni
5. Pantun, kapas, sekar telon ( mawar, melati, kenanga ), uwos
kuning, mawarna warna arta lembaran, manekawarni raja brana ( gelang, kalung, peniti,lsp
)
6. Barang-barang ingkang migunani kadosta : buku kaliyan piranti
tulis ingkang dipun lbetaken kurungan
7. Jenang abrit kaliyan pethak, jenang boro-boro, jajan pasar
pitung werna, inggih punika abrit, pethak, biru, jambon, cemeng, ungu.
Warna-warna kasebat
nggadahi makna
Pethak: watak ingkang
utama
Biru: jati diri
Ijo: lambang pagesangan
Oranye: surya
Abrit: semangat
Kuning: kapinginan utawi
gegayuhan
Cemeng: keagungan
Urutan prosesi
1. Tedhak sega pitung
warna
2. Mudhun tangga tebu
3. Ceker-ceker
4. Kurungan
5. Sebar udik-udik
6. Siraman
Kapisan : lare
dipuntuntun supados saged mlampah kaliyan ngidak jenang pitung warna ingkang
dipun damel saking ketan dipuncampur klapa ingkang dipun parut, ugi dipun
wenehi sarem supados gurih. Pitung warna kalawau inggih punika : abrit,
pethak,oranye, kuning, ijo, biru kaliyan ungu. Jadah kalawau dipun tata saking
warna ingkang peteng dhumateng warna ingkang padang.
Punika nglambanaken lare
saged nglampahi alangan wonten ing gesangipun dipunwiwiti saking pagesangan ing
donya, kagem ngembangaken diri, kacukupan kabutuhanipun, kaliyan sehat.
Kaping kalih : lare
dipun tuntun minggahi ondo ingkang dipun damel saking tebu arjuna (wulung).
Tebu keratabasanipun antebing kalbu. Kanthi tekad ingkang manteb dening nggayuh
kekarepan supados kawujud.
Tebu arjuna nglambangaken
supados lare saged nggadahi sikap kados arjuna, tiyang ingkang nggadahi watak
ksatria, ugi supados nggadahi pagesangan ingkang sae.
Kaping tiga :
mandhap saking ondo, lare dipun tuntun mlampah wonten ing lemah.wonten ing
lemah kalawau, lare ceker-ceker. Punika nggadahi makna pados rejeki, utawi lare
saged nyekapi kabetahan pagesanganipun.
Kaping sekawan :
lare dipun lebetaken wonten ing kurungan ayam ingkang sampun dipun hias. Ing
salebetipun wonten maneka warni piranti. Kadosta : buku, stetoskop, raja brana,
lsp. Salajengipun, lare mendhet salah salah satunggaling piranti kalawau.
Umpaminipun, lare kalawau mendhet buku, mratandakaken lare kalawau ing
salajengipun badhe dados ilmuwan. Kurungan maksudipun supados lare saged mlebet
wonten ing donya ingkang nyata kaliyan wonten ing pagesanganipun lare badhe
nyekapi kabetahanipun saking padamelan ingkang sampun dipunpilih.
Kaping gangsal :
Rama kaliyan eyang kakung saking lare kalawau nyebar udik-udik, inggih punika
arta recehan ingkang dipuncampur maneka warni sekar, uwos kuning. Maksudipun,
lare kalawau menawi sampun dewasa dados tiyang ingkang loma, seneng tetulung
tiyang sanes. Ugi wonten ibu ingkang ngemba putranipun kaliyan ndherek nyebaraken
udik-udik.
Kaping enem :
lare kasebat dipunsiram ngagem toya siraman, inggih punika toya ingkang
dipuncampur sekar melati, mawar, kenanga kaliyan kanthil. Punika maksudipun,
pangajab wonten ing pagesanganipun lare punika ing salajengipun dados tiyang
ingkang dipun kurmati. Supados lare punika saged nglampahi pagesanganipun
kanthi lurus.
Kaping pitu :
ing pungkasan upacara, lare kalawau dipun pacak ngagem busana enggal kaliyan
sae. Maksudipun supados lare anggadahi pagesangan ingkang sae kaliyan saged
ndadosaken seneng kaluwarga. Sasampunipun sedaya prosesi kasebat dipun
laksanakaken, salajengipun potong tumpeng, ingkang dipun jangkepi gudangan,
kacang panjang, kangkung kaliyan tokolan ingkang dipun paringi bumbu klapa
ingkang dipun kukus kaliyan ayam.
Tumpeng nglambangaken
panyuwunanipun tiyang sepuh dhateng Gusti ingkang Maha Kuwaos supados ingkang
lare dumados tiyang ingkang migunani. Kacang panjang nggadahi simbol yuswa
supados lare punika yuswanipun panjang. Kangkung nggadahi makna, wonten pundi kemawon
lare punika saged mindhak badanipun ugi kadewasanipun. Tokolan nggadahi simbol
kasuburan kaliyan ayam nglambangaken supados lare saged mandiri anggenipun
gesang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar