1. Tari Topeng Endel
Tari topeng endel wis moncer nemen bagi warga Tegal. Tarian kiye mung bisa di lakoni dening wong wadon mergane sifate tari topeng kiye yaiku lenjeh, gemulai, terampil uga wani. Tarian kiye bisa di lakoni dewekan uga bisa bareng-bareng, ning acara apa bae.2. Tari Topeng Panji
Tari kiye nggambarna tokoh Panji, sosok gagah, waninan tapi watake alus. dadine gerakan-gerakane uga katone alus3. Tari Topeng Kresna
Tarian kiye nggambarna tokoh Kresna sing ana ning wayang kulit Purwo. karaktere Kresna kuwe cerdik, sakti, nduweni wibawa, ora sombong, wicaksana.Karakter gerakan ning tarian kiye ngatoni tegas, tegap, langkahe uga pakem utawi mantep.
4. Tari Topeng Layapan Alus
Tarian kiye nggambarna tokoh sing jenenge Bambangan, ksatria sing gagah, cerdik, tangkas, nduweni watak alur lan luhur budine. Gerakan tarian kiye alus uga lincah.5. Tari Topeng Patih/Ponggawa
Tarian kiye nggambarna tokoh patih utawa ponggawa kerajaan. Patih kiye nduweni sifat ksatria sing gagah, cerdik, luhur budi pekertine. Gerakan tariane dadi katone lincah.6. Tari Topeng Kelana
Tarian kiye nggambarna tokoh Kelana. Kelana taiku tokoh sing nduweni pribadi kang gagah, cerdik, tangkas, lan budne luhur. Gerakan tarian kiye tegap lan lincah.Sumber: Tari Topeng Khas Tegal sing disusun dening Dra. Wuninggar, pembayun Sulistyorini, S.S., Yusuf Efendi, M.Hum. Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kabupaten Tegal.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar