Gugon
tuhon utawi wonten ing madyaning masyarakat Jawa dipunwastani pepali utawi larangan. Gugon tuhon menika
kalebet kapitadosan ingkang sampun wonten saking jaman rumiyin.
Gugon
tuhon inggih punika kapitayan utawi kapitadosan marang sawenehing bab utawi
perkawis ingkang boten tinemu wonten ing nalar. Tumprapipun tiyang pitados tansah gadhah
raos sumelang menawi boten saged nyembadani prekawis ingkang ingkang
dipunanggep mbebayani menika.
Asaling
tembung gugon tuhon
Gugon
asale saking tembung gugu. Menawi tuhon
saking tembung tuhu
Jinising
Gugon Tuhon
1.
Gugon
Tuhon ingkang salugu Inggih menika lare utawi tiyang ingakng dados mangsanipun Bathara kala miturut dongeng inggi menika bocah sukreta. Miturut kapitadosan lare menika saged
waluya lan lestari bilih dipunruwat kanthi
dipuntanggapaken wayang kanthi
lakon Amurwa Kala.
Ingkang
kalebet bocah sukreta inggih menika:
·
Bocah Ontang-anting: putranipun namung satunggal,
priya.
·
Bocah Untung-unting: putranipun namung satunggal,
putri.
·
Bocah Kedhana-kedhini: putra kalih, ingkang sepuh
priya lajeng ingkang enem putri.
·
Bocah Kembang sepasang: putra kalih putri
sedaya.
·
Bocah Uger-uger lawang: putra kalih ppriya
sedaya.
·
Bocah Pancuran kapit sendhang: putra tiga,
putri priya putri.
·
Bocah Sendhang kapit pancuran: putra tiga,
priya putri priya.
1.
Gugon
tuhon wasita sinandhi inggih menika ingkang kalebet pitutur ingkag boten kalairaken
kanthi melok. Langkung kathah ngginakaken tembung "boten ilok"
ingkang sejatinipun ngemu teges boten becik.
ingkang
kalebet gugon tuhon wasita sinandhi inggih menika:
·
Ampun
ngidoni sumur mundhak
suwing tutukipun.
·
Menawi
wewehan dipunjaluk malih gulunipun gondhoken.
·
Boten
pareng lenggah wonten bantal mundhak
wudunen.
·
Boten
pareng dhahar wonten peturon mundhak gudhigen.
1.
Gugon
tuhon ingkang kalebet wewaler inggih menika wewaler saking leluhur
utawi tiyang ingkang dados cikal bankal wonten panggenan menika. Amargi leluhur
wau sampun nate nemu cilaka amargi nindhakaken sawijining bab, lajeng
migunakaken wewaler dhumateng anak putunipun supados
boten tumut nindhakaken.
Tuladha:
·
Tiyang
wonten ing Banyumas boten
angsal kesah wonten ing dina Setu paing. Miturut cariyosipun: Sang Adipati
ing banyumas manggih cilaka tindakan wonten ing dinten Setu paing. Sang Adipati
banjur paring pangandikan maran putra wayah saha para kawulanipun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar