Rebo pungkasan utawa Rebo
Wekasan yaiku dina rebo terakhir ing sasi Shafar. Tradhisi Rebo Wekasan ing
saben daerah mesthine ora padha. Ing Kutha Tegal dhewek, Rebo Wekasan ana kang
nganakake Pasar Kaget, Pengajian, lsp. Nanging sakliyane kuwi uga ana tradhisi
unik kang mesthine kudu di lestarikna, yaiku tradhiri ngirim panganan kayata:
Sega langgi, Kupat, Mie, Brekat, lsp. Tradhisi iki kudu dilestarikna mergane
saking tradhisi iki kita diwuruki supaya saling berbagi, sanajan bentuke
sederhana, uga kanggo pangraket tali silaturahim.
Panganan kang di bagike
pancen ora mewah, sederhana. Sakbanjure, panganan apa kuwi sega langgi, kupat,
mie, utarwa brekat, lsp di bagi-bagike marang para tangga ing cedhake omah.
Kanggo sega langgi, nganggo wadhah kang jenenge “sudi” dig awe saka kertas kang
di bentuk bunder kaya piring nanging ing tengahe cekung. Supaya ora lengket ing
sakndhuwure kertas diwenehi kertas minyak. Menu sega langgi dhewek tergolong
sederhana yaiku sambel goreng tempe utawa kering tempe, mie bihun utawa mi
kuning, sambel bisa yaiku dig awe saka kacang-kacangan kang di iris cilik-cilik
banjur di campur karo sambel kang dig awe karo campuran parutan kelapa, endhog
dadar lsp.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar