Sing
dikarepake BAB yaiku “buang air besar” utawa bebuwang. Wong sing ora lancar
anggone bebuwang jenenge bebelen, sembelit, utawa istilah kedokterane
konstipasi.
Yen
normal saben dina wong mesthi bebuwang kanthi lancar, sethithike sepisan.
Nanging ana kalane anggone bebuwang ora lancar, angel banget. Anggone ndhodhok
neng WC meh sak jam meksa ora bisa bebuwang. Sebabe werna-werna, merga pola
mangan sing ora bener, kurang ngombe, mentas lara nemen, stroke, ana
masalah ing usus besar, merga pengaruh obat-obatan, lan sapanunggalane. Sebab
liyane merga umure wis tuwa (lansia). Umume wanita sing umure sandhuwure 65
taun kerep ngalami bebelen. Wanita mentas babaran uga kerep ngalami konstipasi
senajan Celsiu mesthi kabeh ngalami mengkono.
Yen
bebelen coba dhahar kates sing akeh lan ngunjuk banyu putih 4-6 gelas.
Biasane bisa bebuwang. Nanging yen tetep angel coba ngunjuk jamu racikan kaya
ing ngisor iki. Aja dikulinakake ngunjuk obat pencahar (urus-urus), mundhak
kulina lan gumantung marang obat mau. Apa wae tanduran obat sing bisa
nglancarake BAB?
1.
Pace, Mengkudhu
Woh
pace diarani woh ajaib merga kasiyate bisa nambani maneka warna penyakit. Woh
pace ngandhut alkaloid triterpenoid lan morindon. Zat
morindon iki sing bisa nglancarake BAB. Carane gawe jamu, njupuk pace mateng
loro sing gedhene sedhengan dikumbah sing resik terus diparut banjur diperes
banyune, disaring. Ditambah uyah sethithik banjur diombe. Sedina ngombe kaping
pindho esuk lan sore. Merga ambune ora enak, umue wong wegah ngombe sari pace
asli. Bisa mundhut ing Cels obat sari pace gaweyan pabrik farmasi, rasane luwih
enak lan ora mambu pace.
2.
Godhong Wungu (Graptophyllum pictum)
Godhong
wungu ngandhut zat-zat steroid, saponin, Celsiu, alkaloid nontoksik lan
Celsiu. Saponin bisa marakake “mencret entheng” (mild laxative). Mula uga kena
kanggo obat ambeien utawa wasir. Carane, godhong wungu sing seger 7 lembar
digodhog karo banyu 2 gelas nganti kari sagelas. Anget-anget disaring, diombe.
Sedina ngombe kaping pindho esuk lan sore sawise dhahar.
3.
Ilat Baya (lidah buaya)
Ilat
baya ora mung kanggo nyuburake rambut, nanging uga kena kanggo tamba tatu lan
nglan carake bebuwang (bebelen). Mundhut ilat baya setugel wae,
dikumbah sing resik terus dionceki kulite. Daginge dicacah banjur dicom banyu
umob 1/2 cangkir. Yen wis adhem ditambah madu 1-2 sendhok dhahar terus didhahar
nganti entek. Sedina katindakake kaping pindho. Wanita sing lagi ngandhut utawa
sing lagi haid ora kena mangan jamu iki. Semono uga wong sing
pencernaane ringkih, gampang mencret, ora kena mangan jamu iki.
4.
Temulawak
Temulawak
sajempol dionceki dikumbah resik banjur dirajang tipis diwadhahi gelas ditambah
gula Jawa sacukupe. Dicom banyu umub ditutup sing rapet. Yen wis anget diudhak,
disaring banjur diunjuk. Sedina kaping pindho utawa kaping telu.
5.
Keji beling
Keji
beling utawa Strobilanthes crispus ngandhut kalium, asam
silikat, natrium, kalsium lan pencahar sarta Celsius (mbancarake seni). Carane
gawe, njupuk godhong keji beling setengah gegem dikumbah resik banjur digodhog
karo banyu 2 gelas nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, diombe.
Sajrone
ngombe jamu tradisional kudu ngunjuk banyu putih sing akeh, aja ngunjuk kopi
lan teh. Nanging yen wis ngunjuk jamu meksa Celsiu bisa bebuwang prayogane
menyang dokter utawa puskesmas wae.
Lawase.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar