Apitan inggih menika
sawijining tradhisi ingkang taksih ngrembaka lan lestantun. Tradhisi menika
mapan wonten Desa Gemulak, Kecamatan Sayung Kabupaten Demak Jawa Tengah. Desa
menika kalebet desa ingkang mapanipun strategis. Amargi mapan wonten pinggiring
margi pantura. Langkung trepipun wonten kecamatan perbatasan Kutha
Semarang-Demak sisih wetan.
Sejatosipun tradhisi
apitan menika sami kaliyan sedhekah bumi wonten ing wewengkon sanesipun. Amargi
tradhisi menika dipunlaksanaaken wonten sasi Apit minangka wujud dedonga
kaliyan Gusti ingkang murbeng jagad ingkang sampun paring kanugrahan berkah
kanikmatan kang awujud asil tetanen, tetanduran, lan kasil saking olah tetanen
kalawau. Saengga lumantar tradhisi menika ingkang nglumantaraken sesaji
dhumateng Dewi Sri minangka Dewi pari menika saged ngasilaken olah retanen
ingkang gemah ripah loh jinawi.
Tradhisi ingkang
dipunkawontenaken saben sasi apit ing sasi Jawa menika dintenipun boten
katetepaken kanthi mesthi. Ananging sasinipun kedah wonten sasi Apit. Tradhisi
menika kawiwitan kaliyan donga sesarengan ingkang dipunpimpin kaliyan tokoh
agami: Kyai) wonten desa menika.padhatanipun menika para warga sami makempal
wonten lapangan desa utawi latar dalemipun Pak Lurah ingkang tradhisi menika
dipunlaksanaaken. Para warga menika ingkang boten anamung tiyang sepuh kemawon,
ananging ugi wonten bocah alit jaler estri ingkang sami ndherek. Samenika sami
mbekta uba rampe ingkang arupi berkatan selametan ingkang isinipun nun inggih
sekul, gudhangan, tigan, kering tempe, lan tahu tempe goring. Berkat ingkang
dipunbekta saking dalem lajeng dipunsuntak wonten sanginggilipun alas godhong
pisang ingkang sampun dipun gelar tumata wonten papan tradhisi Apitan menika
minangka alas sesaji. Lajeng dipun urap( dipuncampur) dados setunggal ngantos
donganipun paripurna.dipunlajengaken enggal-enggal dipunpendhet malih sekul
berkatan ingkang sampun dipuntumplek utawi dipunsuntak kalawau saprelu
dipunbekta wangsul malih. Anggenipun mendhet ugi kedah rikat. Amargi menawi
boten, saged kegebyur toya
kaliyan para perangkat
desa ingkang sampun jumeneng wonten pinggir lan pojoking papan tradhisi menika.
Jumeneng kanthi mbekta ember ingkang isinipun toya ingkang dipuncampur sumba(
pewarna kain) lan warni-warninipun kewan kadosta: lintah, cacing, yuyu, welut,
lsp. Samenika wonten kaunikanipun ingkang saben tiyang menika jarang ingkang
mangertosi maksudipun. Samenika awujud simbolipun ama ingkang wonten saben
ingkang kedah dipunbrantas. Salajengipun sekul ingkang sampun dipunbekta
wangsul menika saged dipunsebar wonten saben lan lemah pekarangan
piyambak-piyambak. Menika kanthi pangajeng-ajeng bilih kasilipun samangke saged
kathah gemah ripah loh jinawi. Banjur kalajengaken adicara pagelaran wayang.
Ingkang dipunwiwiti tabuh setunggal siyang ngantos sadalu wutuh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar