Prepegan yaiku salah
sawijining tradhisi kang wigati banget ing Kutha Tegal. Tradhisi iki di
tindakake ing wulan ramadhan, mepeti Hari Raya Idhul Fitri. Tradhisi prepegan
yaiku tradhisi belanja kanggo kebutuhan hari raya, biasane ing pasar
tradisional, supermarket utawa pusat perbelanjaan sakliyane.
Prepegan
kuwi kaperang dadi loro, yaiku prepegan cilik lan prepegan gedhe. Prepegan
cilik biasane H-2 sakdurunge hari raya, dene prepegan gedhe kuwi H-1 sakdurunge
hari raya. Dadi kebayang toh, kaya apa ramene ning pusat-pusat perbelanjaan
kuwi?
Ing
tradhisi prepegan iki uga ana belanjanan-belanjanan sing biasane kudu di tuku
ing antarane kayata: sarung kupat, daging-dagingan, beras, parsel, sandangan
lan barang-barang sembako sakliyane. Kang gawe menarik kuwi ing pasar
tradisional ing daerah Kabupaten Tegal daerah kidul, apa meneh sing ana ing
daerah dataran tinggi. Biasane wong-wong sing ana ing daerah dataran tinggi
pada mudhun nggawani barang-barang sing arep di dhol. Sing biasane di gawa ana
ayam, wedhus, kayu bakar, sayur-sayuran, lsp.
Prepegan
ora mung ana ing daerah Tegal tok, nanging uga wigati ing daerah Brebes. Dadi
aja padha kaget yen arus lalu lintas mudik kadang ana sing di alihna.


Tidak ada komentar:
Posting Komentar