Mangsa
ketiga nang endi bae gawe rekasa. Sing paling ngrasakna sedulur tani. Sawah,
kebon, pekarangan garing padha nela. Nandur apa bae ora kambon banyu akeh ora
kasile. Arep liwet bae kudu mlaku adoh ngangsu sumur sing ana banyune. Sing ana
neng pinggir kali Serayu esih begja bisa ngedhuk wedhi gawe belik karo tangan
esih bisa metu banyune. Ning ya rekasa goli munggah mudhun ngangsu. Mangsa
terang dawa akeh sing sambat.
Sapa
maning sing bisa nekakna udan angger udu Sing Kewasa? Mulane padha ngrekadaya
nyuwun maring Gusti Allah supaya nyembadani ngirim udan maring bumi. Salah
sijine upacara nyuwun udan sing ana neng tlatah Banyumas dearani cowongan.
Nganakna cowongan biasane merga mangsa ketigane liwat sekang patang wulan
lawase. Utawane lemah wis padha garing malah nganti mbledhag, sumur sat,
tanduran padha garing, mati. Upacara cowongan nyuwun marang Gusti Allah
supayane nekakna sukmane Dewi Nawangwulan mbantu nekakna udan nggo nelesi bumi
sing garing.
Dewi
Nawangwulan kuwe sapa?
Critane,
Dewi Nawangwulan kuwe widadari sekang kahyangan. Wektu mudhun maring bumi karo
batir-batire adus nang tlaga. Klambine deumpetna neng Jaka Tarub. Mesthi bae
ora bisa bali maring kahyangan. Banjur neng Jaka Tarub si widadari dejek bali.
Nawangwulan banjur dedadekena bojo urip kaya menungsa lumrahe.
Bareng
duwe anak dejenengi Nawangsih, klambi sing deumpetna Jaka Tarub ketemu.
Nawangwulan banjur mabur maring kahyangan anake detinggal neng ngisor wit gedhang
raja. Mulane Nawangsih nggo nyambung batine Nawangwulan njaluk udan sing
deanakena neng ngisor wit gedhang raja. Kaya kuwe critane upacara mau niru Jaka
Tarub.
Cowongan
ora kena sembarangan. Ddhukun cowongan karo wong sing arep melu upacara kudu
padha tirakat suwene pitung dina pitung wengi. Ancase nggo ngresiki jiwa lan
raga. Sawise tirakat dhukun lan sing detugasi upacara siap ngundang tekane
Nawangwulan sing ketelah dearani Nini Cowong. Nini Cowong wujude golek, endhase
sekang cumplung awake sekang pring njuran deklambeni kaya putri sing ayu
rupane.
Lakune
upacara Cowongan panggonane neng ngisor wit gedhang raja. Si dhukun maca mantra
ngundang tekane Dewi Nawangwulan. Jere kon mbantu nyuwun maring Gusti Allah
nekakna udan sebab bumine wis garing, uripe menungsa rekasa merga sumure sat,
tanduran padha mati. Mbarengi dhukun maca mantra, Nini Cowong deobahna kaya
lagi nyuwun udan maring Gusti Allah. Ning kasembadan orane gemantung Kersane
Gusti Allah.
Nah,
siki udan wis temurun. Godhong-godhong wis keton ijo. Bumi sing nela rapet
maning. Sumur sat metu banyune. Mulane mayuh padha sing gedhe rasa sukure.
Kabeh obahing jagat kiye neng Kewasane Gusti Allah. Demareni goli sambet angger
selagi rumangsa rekasa lan butuh maring pitulungane Gusti Allah. Kabeh mahluk
wajib bekti maring sing gawe urip sedawane esih ambekan, esih bisa nyawang
srengenge madhangi bumi. Mayuh bali maring kersane Gusti Allah. Sing ora kalah
penting, anane berkah udan kiye njuran aja dadi mala. Aja mbuwang runtah janji
ber men dalan banyu ora mampet.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar