Tradhisi rebo wekasan
menika salah setunggal tradhisi ingkang misuwur sarta tasih dipunpengeti dening
warga desa Karangmalang. desa Karangmalang menika nama salah setunggal desa
wonten ing kecamatan Gebog. Kecamatan Gebog menika salah setunggal kecamatan
ingkang wonten ing kabupaten Kudus. Dunungipun wonteb ing ampeyanipun redi
muria. Pendhudhuk desa Karangmalang menika pakaryanipun sadean, pengusaha
konveksi, pengusaha batik, sarta tani. Agami ingkang dipunanut wonten ing desa
Karangmalang inggih menika agami islam. Pramila sedaya tradhisi ingkang woten
ing desa Karangmalang menika sami campur kalayan agami islam.
Tradhisi rebo wekasan
menika domados saking kalih tembung, inggih menika “rebo” ingkang tegesipun
‘dinten rebo’ sarta wekasan ingakg tegesipun ‘pungkasan’. Tradhisi rebo wekasan
ugi asring dipunwastani tradhisi “toya salamun”. Tradhisi menika dipunlampahi
wonten ing dinten rebo pungkasan wulan sapar. Tatacaranipun inggih menika
dipunwiwiti milahi rampung salat maghrib. Sasampunipun salat maghrib, para
warga desa Karangmalang kempal wonnten ing mejid. Lajeng sami maos surat yasin
sepisan. Nalika dumugi ayat salamunqoulanminrobbirrahim dipunwaos kaping 313.
Sasampunipun lajeng smi sesarengan salat isya. Sederengipun salat isya, kawula
enem utawi remaja masjid sami nyepakaken embor ageng, toya, dluwang, sarta
pulpen. Toya menika lajeng dipunlebetaken dhateng embor. Lajeng dluwang menika
dipunserati ayat salamunqoulanminrobbirrahim, lajeeng dipuncemplungaken wonten
ing toya menika. Sasampunipun, remaja masjid bandumaken toya menika dhhateng
para rawuh. Tradhisi menika dipunpandegani dhateng pak modin sarta dipuntumuti
dening sedaya warga desa Karangmalang.
Ancasipun tradhisi
menika inggih kagem ngemutaken para warga supados sami dedonga amargi wonten
ing dinten rebo menika Allah nurunaken coba utawi bala kathahipun 320.000 kagem
manungsa. Saengga, dedonga menika dados setunggal sarana kagem nulk coba
menika.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar