Tradisi sepasaran bayi
wonten ing desa Sumurgede, kecamatan Godong, kabupaten Grobogan menika
nggadhahi ciri khas ingkang benten kaliyan daerah sanesipun. Acara menika dipun
lampahaken dening keluarga ingkang nembe mawon gadhah putra, ateges acara
menika namung dipun lampahaken kaliyan putra ingkang mbajeng mawon. Menawi
adhik-adhikipun boten wajib dipun lampahaken. Acara menika dipun tindakaken
nalika bayi umur sepasar utawi gangsal dinten (5). Pramila, acara kasebut dipun
paring nama sepasaran, amargi dipun tindakaken nalika bayi umur sepasar. Acara
menika dipun tindakaken wonten ing dalemipun tiyang sepuhipun bayi.
Acara menika dipun
tindakaken kanthi sederhana. Namung selametan sarta ngundang sanak sadulur
kemawon. Acara dipun tindakaken wanci dalu, padatanipun sabibaring sholat
isya’. Acara menika kendurinan. Sabibaring kendurinan dipun lajengaken acara
rasulan utawi ngethok rambutipun bayi. Bayi mau dipun gendhong dening
ramanipun, lajeng simbahipun (bapak saking ibu bayi) mayungi bayi sarta
bapakipun. Bayi kasebut dipun ubengaken sarta rambutipun bayi wau dipun kethok
mawi gunting. Dipun sarengaken kaliyan maos shalawat nabi. Menika nggadhahi
pasemon bilih bayi kasebut sageda dados putra-putri ingkang soleh/solekhah,
ngabekti kaliyan tiyang sepuhipun sarta saged migunani kagem nusa, bangsa, lan
agama.
Ingkang kapisanan
ngethok menika kyai utawi sesepuh kampung, lajeng dipun lajengaken kaliyan
tiyang sanesipun. Rambutipun bayi wau lajeng dipun pendhem dados satunggal
kaliyan ari-arinipun. Sabibaring acara rasulan wau, para tamu saged kondur
utawi dherek mirsani acara salajengipun. Inggih menika acara beksan “Angguk Karya
Muda”. Tarian menika dipun tindakaken nalika sabibaring acara kenduri sarta
acara rasulan.
Tari angguk menika dipun
paragakaken dening para pemuda, watawis kelas SMP utawi SMA. Pramila, tari
menika dipun sebut angguk karya muda, ingkang gadhahi teges bilih tari menika
jiwanipun para pemuda. Tari menika ngagem busana jangkep, topi, rompi, celana
hotpen, sarta kipas ingkang dados alatipun. Ingkang nari menika tiyang 12
ngantos 18 paraga. Tari menika nitikkaken gerakan tangan kaliyan kipas, sarta
lenggak-lenggok badanipun ingkang seiring kaliyan astanipun. Tari menika dipun
lampahaken nalika acara sepasaran bayi, khitanan, sarta acara penyambutan tamu
ingkang wigati, kados ta wali kota, camat, bupati, lan sanes-sanesipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar