Demam berdarah sawijine
penyakit mbebayani sing ditularake denign nyamuk aedes aegypti. Penyakit
sing dikenal wiwit taun 1954 iki isih durung ana obate. Gejala penyakit demam
berdarah iki meh kaya wong lara flu utawa kena lara thypus. Gejala penyakit
Demam berdarah yaiku awak panas dhuwur, napsu mangan kurang, tutuk rasane pait,
lan lumrahe yen dipeksa mangan kudu mutah. Yen wis nemen lumrahe ing kulit
mlenthing-mlenthing abang. Pasien sing gampang kena penyakit Demam berdarah lumrahe
bocah cilik, mligine bocah sing isih balita. Awit bocah cilik mono, daya tahan
lan kekebalan awake tumrap penyakit durung sepira kuwat. Mulane, yen ora ana
bocah cilik lara panas lan ora enggal mudhun panase, prayogane enggal digawa
menyang dhokter utawa Puskesmas.
Wabah penyakit Demam
berdarah iki duwe siklus wabah limang taunan. Saben limang tahun sepisan
biasane asring dumadi wabah penyakit Demam berdarah. Siklus iki dumadi saka
pengaruh puncak ngrembakane nyamuk aedes aegypti manut rentang wektu limang
taunan. Nyamuk aedes aegypti lumrahe ngrembaka lan babar tumangkar
ing mangsa rendeng. Awit ing mangsa rendheng, lumrahe akeh banyu sing padha
mambeg lan ora bisa mili kanthi lancar. Nyamuk aedes aegypti kalebu
banyaku sing resikan, awit nyamuk iki ora gelem ing papan banyu sing reged,
nyamuk iki ngendhog lan babar tumangkar ing banyu sing resik, kayata: ing banyu
jedhing, genthong utawa genuk, ing blumbang sing resik, ing banyu pot kembang,
botol, lan umplung kosong sing kaisi banyu udan, lan sapiturute.
Kanggo
nyegah supaya penyakit Demam berdarah ora dadi wabah epidemic, ana 3 cara sing
diarani 3M. 3M aksebut cekakan saka tembung Menguras, Mengubur, Menutup.
Menguras maksude yaiku nguras jedhing utawa bak mandi saben 3 dina pisan. Aja
nganthi jedhing digawe ngendhog nyamuk sing nganti bisa babar tumangkar dadi
uget-uget nuli ing nglare nyamuk wiwit saka endhog nganti dadi nyamuk mung
butuh wektu kurang luwih limang dina nganti saminggu. Mulane, yen saben 3 dina
dikuras, bisa nugel proses ngrembakane nyamuk. Menutup tegese nutupi wadhah
banyu kayata: genthong utawa genuk, ceret, kendhi utawa wadhah ngombe liyane
aja nganti bisa diliwati nyamuk. Wondene menimbun tegese ngurug wadhah wekas
limbah rumah tangga sing arupa botol kosong, kaleng, cepuk, lan sapiturute sing
bisa kanggo ngendhog nyamuk yen kisnenan banyu udan. Sing luwih wigati saben
wong kudu duwe prinsip luwih becik nyegah tinimbang ngobati. Awit yen wis kena
penyakit, banjur mlebu Rumah Sakit akibate bisa mbebayani. Kajaba wragad sing
ora sethithik, resikone yen wis nemen bisa nggawa nyawa. Wis akeh pasien sing
Rumah Saki ting ninggal merga saka kena penyakit Demam berdarah. Kajaba 3 M
sing dhuwur, sing wigati saben wong kudu bis njaga karesikan dhiri pribadi.
Kita kudu bisa njaga karesikan ing njero lan ing njaba omah. Aja kemproh!
Ndeleh barang utamane klambi sing reged pating slampir sing bisa kanggo sarange
nyamuk. Sadurunge turu prayogane kamar disemprot dhisik nganggo obat anti namuk
utawa nganggo krim anti nyamuk, obat nyamuk bakar, elektrik lan sapanunggale.
Pekarangan ing sajabane omah kudu asring diresiki. Got sing banynye mambeg kudu
diilekake, supaya ora dadi panggonan sing bisa kanggo ngrembakane nyamuk.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar