Desa Ciampel, Kecamatan Kersana,
Kabupaten Brebes, saben taunipun ngawontenake tradhisi penganten tebu. Tradhisi
penganten tebu menika dipun laksanakake sasi April, panggonanipun wonten ing
lapangan pabrik gula rajawali ingkang wonten ing Desa Ciampel. Sedaya karyawan
pabrik gula lan sedaya warga Ciampel lan sanes-sanesipun bebarengan nyengkuyung
tradhisi kasebut.
Tradhisi penganten tebu menika
dipun pandegani dening aki lengser utawi pemandu acara, lan dipun sengkuyung
dening para warga Desa Ciampel, kathah para warga ingkang nonton lan ngramekake
acara kasebut lan wonten tiyang ingkang remen sanget nalika adicara penganten
tebu kalampahan inggih menika sedaya karyawan pabrik gula, marga para karyawan
sampun boten sabar kangge nampa gula ingkang dados kasil piyambakipun nandur.
Lajeng salebeting tradhisi
penganten tebu menika wonten pelaku kaya dene:
§ 1 aki
lengser inggih menika tiyang ingkang dados pemandu utawa emsi ing adicara
penganten tebu.
§ 8 pager ayu
utawa tiyang estri ingkang bakal ngiring sepasang penganten tebu menika dumugi
panggon penggilingan.
§ 17 tiyang
jaler ingkang dados tebu pengiring inggih menika tiyang ingkang ngiring lan
ngarak sepasang penganten tebu menika wiwit lapangan pabrik gula dumugi
pangggon kangge giling tebu kasebut.
§ 1 tiyang
ingkang dados penabuh gending, kecapi, suling, lan sapiturute ingkang ancasipun
kangge meriahake adicara penganten tebu.
§ Sepasang
penganten ingkang dados simbol adicara penganten tebu menika.
Tatacara upacara penganten
tebu menika kalampahan setaun sapisan padatanipun saben sasi April amarga sasi
menika sedaya tebu sampun saged dipun giling utawa sampun saged dipun panen,
upacara penganten tebu dipun wiwiti kaliyan donga sesarengan ingkang dipun
pandegani dening aki lengser, sambutan ketua panitia babagan tradhisi penganten
tebu ingkang saged kalampahan, lajeng pasugatan saking para warga kaya dene
tari-tarian, kesenian burok, ingkang ancasipun kangge tontonan supados adicara
menika rame, kaping pungkasan inggih menika adicara kirab utawa ngarak sepasang
penganten lan tebu-tebu dumugi panggon penggilingan.
Ancasipun tradhisi penganten tebu
dados ucapan rasa syukur kaliyan Gusti dening kasil panen ingkang dipun angsal,
lajeng tradhisi penganten tebu ugi dados simbol kangge nyuwun berkah lan
kaslamatan mugi kasil penggilangan tebu dados gula menika kedah sae lan pikanthuk
kasil ingkang kathah dibandingkake taun kapungkur, tradhisi penganten tebu
menika sejatosipun gadhahi benten-benten tatacara, pelaku, lan sanes-sanesipun
saben daerah.