Facebook mesthi
wis dadi sawijining bab kang ora luar biasa tumrape kita, apamaneh kanggone
sing seneng selancar ing jagading maya kanggo ngisi wektu utawa kanggo
mangerteni kabar kanca kang ana ing papan adoh. Nanging aja lali, Facebook uga
kerep digunakake minangka lahan kanggo tumindak kang kurang becik, salah
sijine yakuwi kanthi migunakake aplikasi.
Contone wae, keri-keri iki akeh Facebook
Verification utawa aplikasi sajinis, aplikasi ksb digunakake kanggo ngumpulake data
user, jeneng lan password-e. Kanthi nyebarluasake (invite) marang kanca-kanca
liya, mula si hacker kanthi gampang bakal bisa oleh user lan password Facebook
wong liya.
Ora mung kuwi wae, akeh aplikasi kang
satemene mung mbuang waktu wae, upamane kanggo ngisi polling lan dikon nyebar
luasake maneh. Aplikasi kaya ngene iki satemene mung kanggo bisnis pribadi wae,
mbokmenawa wae ora ana efek ala yen ora njaluk user / password.
Saderma Tips
- Sing paling penting yakuwi aja langsung percaya. Sepira ngyakinake jeneng aplikasi mau aja langsung percaya lan gelem nuruti.
- Goleka info dhisik ing di Google yen oleh undangan kanggo migunakake aplikasi, apa bisa dipercaya, apa malah spam, utawa sing liyane.
- Yen wis kadhung migunakake aplikasi kang nyujanani, luwih becik ganti password supaya tetep aman.
- Busak aplikasi yen aplikasi ksb ndadekake Facebook kita ngganggu kita dhewe utawa kanca Facebook liyane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar