Bathik iku sawijining
jati dirine bangsa. Wis misuwur ing sak donya bilih bathik kuwi ciri identitase
Bangsa Indonesia. Bathik sing saiki wis dadi busana kang dianggep resmi
dening pemerintah. Kaya dene Bapak Presiden Susilo Bambang Yudhoyono
remen panganggon busana bathik. Apa meneh ing kantor-kantor pemerintah saben
dino kemis, jemuah, lan setu mligine Kutho Sukoharjo, para pegawe pemerintah,
guru sarta para siswa ora kesupen nyandhang busana bathik. Pancen, nalika
nyandhang busana bathik, ora tuwa ora mudha dadi katon mriyaneni sarta edi
peni. Apa meneh yen panganggone bathik di ditrepke karo warna kulite, dedege
lan manut papan dununge sansaya nambah kawibawane sing nyandhang busana bathik.
Luwih-luwih saiki saben tanggal 2 Oktober dipengeti dadi Hari Bathik Indonesia.
Akeh banget adicara kang digelar kanggo ngregengake dina bathik. Malah-malah
ing Kutha Solo ana acara Bathik Carnival sing saben metune bakal rame di tonton
uwong, Ora gur wong asli Indonesia sing seneng, nanging bangsa manca ugo remen
mirsani acara kasebut.
Trus, apa kabeh padha
mangerteni, piye carane gawe bathik kuwi? Gawe bathik kuwi kudu
mangerteni pirang-pirang perkara, kayadene:
1.
Ngelowong, yaiku
nggambari kain ngganggo malam. Nggambari ateges gawe gambar ana ing kain kanthi
gambar maneko warna. Ana sing bentuk kembang, godhong, kewan lan sak
panunggalane sing menawa dipirsane kathon indah.
2.
Nembok, yaiku proses kang
meh padha karo nglowong, bedhane nembok kanggo nahan werna.
3.
Wedalen/celupan, yaiku
proses menehi werna biru kanthi nggunakake indigo kang ditrepake karo tinkatan
werna sing dikarepake.
4.
Ngerok, yaiku ngilangi
malam klowongan kanggo nyepaki werno soklat.
5.
Mbironi, yaiku proses
kang dilakoni supoyo werna sing dikarepke tetep biru lan putih.
6.
Nyoga, yaiku proses
wenehi werna soklat kain sing wis di mberoni. Banjur kain dicelup jroning bak
banjur ditus nganti garing. proses iki dibolan-baleni kaping pirang-pirang
nganti antuk werna sing paling apik di karepke. Suwene antarane rong minggu.
nanging yen nganggo pewerna kimia, iso rampung sedino.
7.
Nglorod, yaiku proses
ngresiki malem sing isih nemplek ing kain kanthi cara di masak jroning banyu
umub lan di tambahi banyu tapioka encer, supaya malam ora nemplek maneh ing
kain.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar