Kesetrum? Hemh! Gawe kaget wae. Bisa-bisa malah
marahi ora doyan maem lan ora penak turu. Lho kok ngono? Iku sing kesetrum apane?!
Hehe sing jelas mesthi urusan kesetrum ndadekake jantung dheg-dhegan luwih
kenceng. So ngati-ati karo sing jenenge setrum, merga akeh banget wong sing
dadi korban akibat kena setrum. Mula waspadalah waspadalah!
Apa kanca-kanca tau kesetrum casing komputer? Mesthi tau ta! Senajan listrik liar kang liwat ing casing komputer ora pati gedhe, nanging efek kagete kerep ndadekake kita njenggirat kepara ana sing malih dadi keweden banget yen nyenggol casing komputer merga kuwatir kena aliran listrik kang bisa gawe pati kuwi.Secara normal listrik kang metu saka power supply wis didhukake dening bagian step down trafo ing bagian PSU saka 220 V dadi kira-kira 12 V lan 5 V. Senajan mangkono, arus listrik kang ngenani kita nalika nyekel casing komputer kang ora nduweni sistem grounding kang bener perlu diati-ati.Mula saiki ayo kita sinaoni carane ngatasi casing komputer kang nyetrum iki:
1. Siapna kabel kurang luwih 1 meter lan paku.2. Oncekana pucuk kekarone kabel mau migunakake tang potong kabel utawa gunting.3. Patenana dhisik komputer lan jabut kabele saka steker listrik4. Kendhurna salah sijine baut casing kang nahan power supply5. Sabanjure gubetna salah sijine pucuk kabel kang wis dionceki mau menyang baut kuwi.6. Kencengana maneh baut penahan power supply ksb menyang casing komputer7. Sawise kuwi pucuk kabel sing sijine gubetna menyang paku8.Saiki encepna paku mau ing tembok utawa ing jogan omah saengga sistem grounding dadi saya becik
Tidak ada komentar:
Posting Komentar