Foto
kulawarga wis dadi barang kang lumrah. Prasasat ing meh saben omah mesthi ana
foto kulawarga ing tembok. Yen ora ruwang tamu, ya ing ruwang kulawarga. Utawa
malah ing ruwang makan. Yen ing ruwang makan, saperangan malah ana kang
nemplekake sakehing foto. Wiwit isih jaman pacaran, foto rikala dadi manten,
banjur foto anak saka lair ceprol nganti ngacik diwasa.
Kejaba
kanggo sawangan, foto kulawarga mono sakjane akeh mupangate. Kang kapisan,
kaya adate foto, kena kanggo kenang-kenangan. Nalika ana kadadeyan spesial,
kaya ta ulang taun, foto bebarengan nalika anak menang lomba, uga rikala salah
sawijining anggota kulawarga winisuda.
Foto
kulawarga uga bisa dirancang kanggo nglumpukake brayat. Kulawarga inti bae,
sok ana salah siji utawa saperangan anggotane kang ngudi kawruh utawa makarya
ana kutha liya. Mula bisa dirancang sawijining dina kanggo sapatemon lan foto
bebarengan. Banjur sowang-sowang padha nggawa asile foto. Yen kangen bisa
nguwasakake asil cetak kasebut. Bisa uga banjur tuwuh pepenginan ngepasake
wektu kanggo nglumpuk maneh.
Bab
iki bakal luwih temanja nalika kang ana ing foto pirang-pirang kulawarga, utawa
kulawarga ageng. Saka bocah-bocah nganti simbah-simbah, kabeh kang isih sugeng
dipacak bareng ana salembar foto. Bisa dijingglengi, si anu isih gundhul, si
kae wis gedhe dhuwur, bu lik kene jian ayu tenan sanajan tanpa wedhak pupur,
mbah kana rikmane wis ora thukul, lsp.
Foto
kulawarga ageng iki uga bisa kanggo nuduhake garis keturunan. Mligine kanggo
para anak. Kanthi ngematake paraga ing foto bisa mangerteni sapa sedulure saka bapak
lan ibu, sapa simbah lan simbah buyute. Utamane kang misah adoh papan dununge
lan arang kepethuk, bisa niteni kaya ngapa praenane. Yen kepethuk ing ndalan
mbokmenawa ora pangling.
Anggota
kulawarga kang isih cilik utawa malah bayi, ngenalake silsilah kulawarga uga
banget pentinge. Yen tekan wayahe kepethuk brayat kang adoh papan dununge, ora
banget anggone kaget utawa kaku. Bisa enggal sapa aruh kanthi grapyak.
Witing
tresna jalaran saka kulina. Kepriye anggone bakal tresna yen ora kulina
kepethuk lan srawung? Ya kanthi foto iku bisa dadi sranane. Upamane, saben
kulawarga inti padha nggawe foto kulawarga. Banjur padha kirim-kiriman marang
sedulur liyane. Ing dalem, diwenehi pigura banjur dipasang ana tembok. Yen
kober, bisa diurutake saka sedulur kang paling tuwa. Mula, mulangake silsilah
kulawarga, sanadyan pinisah papan kang adoh, dudu bab kang angel lan mokal.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar