“Joko…..Joko,
wis rampung aduse durung!”
“Durung
Pakdhe, lha…cepet-cepet ana apa tha Pakdhe?”. Saking Pakdhe Darsono wis wanyel
karo Joko Bodho, Pakdhe Darsono ora jawab pitakone Joko Bodho. Joko Bodho sing
tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude Pakdhene kok deweke dokokon
cepet-cepet aduse. Bubar adus Joko Bodho banjur nemoni Pakdhene sing
tenguk-tenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan.
“Ana
apa tha Pakdhe, kok sajake wong meh ketinggalan sepur wae tha Pakdhe?” “Wo…alah…le..le..bocah
paling lelet dhewe. Ana…..apa…ana…apa kawit dek mau. Lha kowe ora ngerti tha
dina iki jarene arep menyang Malioboro tuku klambi anyar dienggo bagdan. Wis
tak tunggu malah lelete….Masyaallah….paringana sabar!” “Wo….iyo…yo..Pakdhe
nuwun sewu aku lali tha Pakdhe!”. “Uwis gawe wong nunggu saiki njaluk duwit sewu
karepmu iku apa tha le..!” “Pakdhe niki pripun tha aku iku njuluk pangapura
boten nuwun duwit sewu!” “Yo…wis…wis ayo padha mangkat silak ketinggalan sepur
mengko!”
Joko
Bodho karo Pakdhene menyang stasiun Solo Balapan numpak sepur Paramex menyang
stasiun sing cedhak kara Malioboro. Saben wong mbayar 10000 lagi enthuk karcis
lan bias numpak sepur. Pakdhe Darsono ora duwe pilihan kudu mbayar karcise Joko
Bodho amarga deweke ora ngawa duit amarga dikesusukake Pakdhene. Bubar entuk
karcis Joko Bodho karo Pakdhene nungggu ana kursi. Ora ana sepuluh menit sepur
sing arep menyang Yogya teka. Mbanjur Jaka Bodho lan Pakdhene numpak neng
sepur, saking wakehe uwong Joko Bodho kara Pakdhene mlencar ana panggonan
bedha.
Bubar
enthuk panggonan Pakdhe Darsono lagi eling yen dheweke kelangan Joko Bodho.
Banjur dheweke goleki Joko Bodho ana ing gerbong-gerbong sepur. Dheweke was-was
yen Joko Bodho didhuke ana ing dalan amarga ora duwe karcis sepur, amarga
karcis sepure digawa Pakdhene.
Bedha
karo Jaka Bodho, dheweke malah enak-enakan turu semenden ana jendelane sepur
bubar enthuk panggonan sing kepenak. Dheweke ora krasa yen dheweke pisah kara
Pakdhene. Kernete wis njaluki karcis sepur, nanging Jaka Bodho tetep wae turu
malah nganggo ngorok. Kernet sepur ngerti Joko Bodho durung mbayar, banjur
nangekake Jaka Bodho. Jaka Bodho kaget, “Ana apa iki? Lagi kepenak turu malah
diganggu!, wis…ngaliha kana aku arep turu maneh ngatuk, dhek wingi aku randha
nganti bengi, aku isih ngantuk!” “Wo..alah….mas-mas…njenengan niku dereng mbayar,
pundhi karcis sepure?” “Waduh………waduh… mas..mas karcise digawa kara
Pak…dhe…..ku!” omonge Jaka Bodho Karo nduding kursi sebelahe, nangging sing
neng sebelahe ora pakdhene nangging wong liya. “Pundhi mas Pakdhe jenengan,
napa niki?” “Mboten…mboten kula mboten Pakdhene mas niki, kula niku Mahasiswa
ajeng sekolah menyak Yogya!!!” “Nuwun sewu mas darakake njenengan niki Pakdhe
kula?” Raine Joka Bodho langsung abang branang amarga kisinan, mbanjur kernet
sepur njaluk maneh karci sepure menyang Joko Bodho. Joko Bodho binggung piye
carane mbayar karcis lha wong dheweke ora ngawa duwit. Joko Bodho karo kernete
padha sesumbar sing ora jelas, nganti anggawe tontonane wong akeh.
Pakdhe
Darsono ngerti wong rame-rame ana apa, banjur ditekano ana apa tha? Mbareng wis
chedak dheweke ngerti yen bocah gedhe duwur iku ponakane Joko Bodho. Mbanjur
dheweke nekani lan ngomong apa tha masalahe nganti polahe ponakane kuwi ngawe
tontona sak sepur. “Iki ana apa tha?” “Allhamdullilah Pakdhe tasih urip tha?”
“Bocah ora ngerti aturan, aku dikirane wis mati, yo..wis tak tinggal maneh
wae!” “Ampun…ampun Pakdhe kula mboten ngomong niki maleh” “Yo….wis ana apa iki
padha rame-rame neng kene?” “Ngenten lho pakdhe kernet niki nyuwun karcis kalih
kula, lha kula kan mboten gadah karcisipun Pakdhe.” “Yo wis iki mas karcise aku
karo ponakanku.” “Nggih pak matur nuwun.”
Mung
siji setengah jam wae sepure wis tekan ana stasiun cedhak karo Malioboro. Joko
Bodho karo Pakdhene banjur mudhuk lan mlaku ara ana 500 meter wis teka ana
Malioboro.
Teka
Malioboro Joko Bodho ndelok-ndelok klambi ana ing toko lan eperane toko akeh
sing dodolan klambi apik-apik. Joko Bodho kepincut karo klambi batik motif kembang
dicampur manuk merak warnane ijo rada biru. Dheweke mbajur ngamong Pakdhene yen
dheweke kepingin klambi kuwi.
“Pakdhe
kula nuwun klambi niku nggih.” “Yo wis ndang cepet dibungkus silak kesoren,
kowe yo during tuku kathok karo sepatu sandal dienggo solat id tho?” “Inggih
Pakdhe, njenengan niku moten pelit-pelit sanget.” “Dadi aku kudu mbayari
klambi, kathok, karo sepatu sandalmu. Masyaallah… nuwun sabar ngadepi bocah
koyo ngene”. “Yo….iya..thak mbayari neng mengko tekan ngomah duwitku diganti
ya?” “Inggih Pakdhe pasti niku.”
Bubar
Joko Bodho rampung blanja keperluane, mbanjur pakdhene ngajak mangan ana
restoran padang. Neng kono Joko Bodho mangan akeh banget saking kekeselen
blanja menyang Malioboro. Telung piring Jaka Bodho enthek mangan, Pakdhene mbatin
rugi tenan yen ngajak Joko Bodho lunga. Pakdhene ngumun blanja lan mangane Jaa
Bodho wis enthek wolungatusewu. Pakdhene kapok-kapok tenek aro arep ngajak
lunga Joko Bodho maneh. Pokokke kapok…kapok tenan, pantesan wae bapak ibune
njenengi anake Joko Bodho, lha uwonge koyo kebo sawah ngendulak-ngenduluk.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar