Ning pewayangan, ibu Gatotkaca luwih
dikenal jenenge yaiku Arimbi. Arimbi ora mung dadi penghuni alas, nanging putri
saka kerajaan Pringgadani, negeri bangsa raksasa. Nalika Gatotkaca lahir kaya
raksasa, ora ana alat sing bisa gawe ngethok tali pusere mergane sakti nemen.
Akhire tali pusere bisa dikethok gawa alate Karna sing jenenge Kunta, nanging
sarung alate iku mlebu ning jero wetenge Gatotkaca, lan nambah maneh
kesaktiane.
Karo para dewa, bayi Gatotkaca iku
dimasak kaya bubur lan diisi karo pirang-pirang kesaktian, mergane iku
Gatotkaca urat kawat, tulang besi, darah gala-gala lan bisa mabur ning mega lan
lungguh ning dhuwur mega. Gatotkaca nalika mabur ning awan kaya kilat lan liar
kaya halilintar. Kesaktiane nalika perang, bisa nyabut gulune musuh lan
digunaake nalika penting. Gatotkaca diangkat dadi raja ning Pringgadani lan
disebut dadi kesatria ning Pringgadani, merga pemerintahan negara dikuasani
karo keturunan saka pihak wadon.
Kecepatan mabure Gatotkaca adoh ning
dhuwure kecepatan mabur para ksatria sing umume. Kulit lan awake kerase kaya
baja. Ora ana alat sing landhep sing bisa nglarani awake. Nanging, bangsa dewa
ugi nyiptaake alat sing gawe nglarani Gatotkaca, lan bisa digunaake sepisan.
Gatotkaca yaiku patriot, nurut ning negara, keluwarga lan kebeneran sing dadi
panutane. Gatotkaca iya ora gelem rembungan karo Sitija ning sengketa batas
daerah negarane, Pringgadani karo daerah Trajutrisna. Gatotkaca duweni sifat
disiplin jaga daerah kedaulatan negara lan keluwargane, saka daerah negara sing
paling utara batasan Pringgadani, ning selatan ning daerah Amarta, tekan daerah
Dwarawati sing paling selatan. Gatotkaca iya ngrewangi Arjuna nggagalake
serbuan Prabu Niwatakawaca, saka negara Imaimantaka, ning kahyangan Jonggring
Saloka. Gatotkaca namung meneng,nanging para dewa sapa sing berjasa nggagalake
serbuan iku yaiku Arjuna. Para dewa nganggep biasa wae tingkahe Gatotkaca ning
kedadean iku, merga miturute para dewa, pancen kaya ngono tujuane Gatotkaca
dilahirke.
Jenenge Gatotkaca nalika isih bayi
yaiku Jabang Tetuka. Tekan umur setaun tali pusere durung bisa dikethok gawa
alat apa wae. Arjuna (adhine Bima) lunga tapa gawe jaluk pitulung dewa gawe
nulung nasibe ponakane. Nanging, Karna, panglima kerajaan Hastina lagi tapi
golek alat pusaka. Merga rupane Arjuna lan Karna mirip, Batara Narada sing dadi
utusane kahyangan nguwehi alat Kontawijaya ning Karna, ora ning Arjuna. Narada
sadar, dheweke salah, banjur nemoni Arjuna. Arjuna banjur ngoyak Karna gawe
ngrebut alat Kontawijaya. Arjna lan Karna banjur gelut, nanging Karna bisa
lolos gawa alat Kontawijaya, nanging Arjuna namung bisa ngrebut sarung sing
gawe bungkus pusaka iku. Sarung pusaka Konta digawe saka kayu Mastaba sing bisa
digunaake gawe ngethok tali pusere Tetuka. Nanging ana keajaiban, kayu Mastaba
ilang lan dadi siji ning njero wetenge Tetuka. Kresna sing melu nyekseni duwe
pendapat yaiku kayu Mastaba arep nambah kuate bayi Tetuka. Kresna iya
ngramalake, sesuk Tetuka mati ning tangan sing duwe alat Kontawijaya.
Tetuka banjur disileh Narada gawe
digawa ning Kahyangan sing lagi diserang musuh jenenge patih Sekipu saka
kerajaan Trabelasuket. Patih Sekipu dikon rajane sing jenenge Kalapracona gawe
nglamar widadari jenenge Batari Supraba. Bayi Tetuka diadepke dadi lawan
Sekipu. Anehe, nalika diajar terus ora mati, nanging Tetuka malah nambah kuat.
Merga isin, Sekipu mbalekake Tetuka ning Narada gawe digedheake. Narada banjur
nyeburake awake Tetuka ning njero kawah Candradimuka, ning Gunung Jamurdipa.
Para dewa banjur nguncalake pirang-pirang alat pusaka ning njero kawah. Banjur
Tetuka njedul ning permukaan dadi uwong wadon sing gedhe. Kabeh jenis pusaka
para dewa uwis campur dadi siji ning njero awake.
Tetuka banjur gelut nglawan Sekipu lan
bisa mateni nggunaake gigitan taring. Kresna lan para Pandawa banjur nusul ning
khayangan, banjur Kresna ngethok taringe Tetuka lan ngakon supaya ngrampungi
nggunaake sifat-sifat raksasa. Batara Guru, raja kahyangan ngenei hadiah
komplit pakaian pusaka, yaiku Caping Basunanda, Kotang Antrakusuma lan Terompah
Padakacarma gawe dienggo Tetuka, sing nalika diganti jenenge dadi Gatotkaca.
Nganggo klambi pusaka iku, Gatotkaca bisa mabur cepete kaya kilat ning kerajan
Trabelasuket lan mateni Kalapracona.
Ning pewayangan Jawa, Gatotkaca nikah
karo sepupune, yaiku Pregiwa, putri Arjuna. Gatotkaca bisa nikahi Pregiwa
sakwise nglewati lika-liku sing abot, yaiku nyingkirake saingane, sing jenenge
Laksamana Manrakumara putra Duryudana saka keluwarga Korawa. Saka nikahane
Gatotkaca karo Pregiwa lahir putra sing jenenge Sasikirana. Sasikirana dadi
panglima perang kerajaan Hastina nalika pemerintahan Parikesit, putra Abimanyu
utawa cucu Arjuna.
Nalika perang Bharatayudha, Gatotkaca
diangkat karo Yudhistira dadi panglima gerombolan pihak Pandawa. Gatotkaca iya
diwenehi kepercayaan gawe jaga kabeh daerah Kurusetra, panggonan sing gawe
perang.
Gatotkaca banjur tiba, nalika Kresna,
njaluk supaya ora ngluarake kabeh kesaktiane nalika perang ning Kurusetra.
Gatotkaca luwih akeh dijaluki jaga ning udara, lan mudhun yen perlu. Gatotkaca
patuh nalika dijaluki ngluarake kesaktiane malah ning pihake Kurawa, ning medan
laga sing dipimpin karo sang panglima, Karna, sing uwis dihadiahi alat Konta
Wijayadanu karo Batara Indra, sakdurunge perang.
Gatotkaca sadar bener yen nalika
dikaluki maju ning medan laga, iku berarti dheweke arep sengaja dikobarake dadi
tumbal ning pihak Pandawa. Supaya sengaja Konta sing namung bisa dienggo
sepisan, kehujam ning awake, banjur Arjuna selamet saka ancamane Karna. Nalika
perang Bharatayudha njeblik, Abimanyu bener-bener mati dikeroyok para Kurawa
nalika dina sing ke-13. Esoke nalika dina sing ke-14, Arjuna bisa balas matine
putrane iku gawa cara menggal sirahe Jayadrata. Duryudana sedih, mergane
Jayadrata mati, banjur meksa Karna nyerang panggonane Pandawa nalika bengi.
Karna kepeksa mangkat meskipun bab iku nglanggar aturan perang.
Krungu yen para Kurawa nglancarake
serangane nalika bengi, pihak Pandawa ngirim Gatotkaca gawe ngadang. Gatotkaca
sengaja dipilih merga Kotang Antrakusuma sing dheweke enggo bisa mancarake
cahaya sing terang banget.
Perang nalika bengi iku medeni banget.
Gatotkaca bisa mateni sekutune Kurawa sing jenenge Lembusa. Nanging dheweke
kilangan loro pamane, yaiku Brajalamadan lan Brajawikalpa sing mati bareng
musuh-musuhe. Gatotkaca akhire adep-adepan karo Karna, sing duweni alat
Kontawijaya. Dheweke nyiptaake kembaran awake seakeh sewu uwong, dadi gawe
Karna ngrasa bingung. Pinunjuk ramane, yaiku Batara Surya, Karna bisa nemukake
Gatotkaca sing asli. Dheweke nguculi alat Kontawijaya ning arahe Gatotkaca.
Gatotkaca nyoba ngindari gawa cara mabur sakdhuwur-dhuwure. Nanging arwahe
Kalabendana tiba-tiba njedul nangkep Kontawijaya karo ngomongi warta saka
kahyangan yen ajal Gatotkaca uwis dipaske bengi iku. Gatotkaca pasrah karo
putusane dewata. Nanging mayate isih digunaake gawe mateni musuh.
Kalabendana nyetujuni, dheweke banjur
nusuk pusare Gatotkaca nggunaake alat Kontawijaya. Pusaka iku ilang dadi siji
karo sarunge, yaiku kayu Mastaba sing isih kesimpen ning njero wetenge
Gatotkaca. Gatotkaca banjur mati. Arwahe Kalabendana banjur nglemparake mayate
ning arah Karna. Karna bisa mlumpat dadi lolos saka maut. Nanging keretane
rusak ketibanan awake Gatotkaca sing isih mluncur banter saka angkasa. Akibate,
pecahane kerata iku mleset ning arah ngendi-endi lan mateni para prajurite
Kurawa sing ana ning cedhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar