Bima ngimpi yen bapak lan ibune yaiku Prabu Pandu lan Dewi Madrim disiksa
ning neraka, Bima dadi sedih ndelengnane. Bima banjur merenung lan nganggep yen
para dewa ora adil anggone menehi ukuman marang wong tuane, padahal jamane urip
Prabu Pandu wis akeh pengorbanane kanggo nggawe negarane tentrem.
Niate banjur di omongna karo Semar lan abdi pandawa, tapi di kongkon ketemu
karo Bathara Guru. Bima banjur marang sanggar pemujaan lan nggara sukma marang
kayangan kanggo ketemu Bathara Guru. Bathara Guru ngerti tujuane Bima menyang
kono. Jare Bathara Guru meskipun Prabu Pandu wis nduweni jasa kang gedhe kanggo
negarane, nanging dheweke juga tau nggawe dosa sing cukup gedhe juga. Prabu
Pandu tau manah kijang sing lagi seneng-seneng karo pasangane, nanging ternyata
kijang kuwi penjelmaane brahmana sakti yaiku Kimindama Prabu Pandu banjur di
kutuk dening brahmana kasebut, ujare mbesuk yen Pandu lagi kasih-kasihan karo
bojone bakale mati. Pandu uga tau nyilih Lembu Andini yaiku lembu suci saking
kahyangan. Dudu di jaga lan di hormati malah kanggo dheweke seneng-seneng bulan
madu karo Dewi Madrim.
Tapi menurut Bima bapak lan ibune wis suwe kesiksa ning neraka, lan di
pikir-pikir wis imbang antara dosa karo penderitaane dadine si Bima nuntut
Bathara Guru supaya bapak lan ibune kuwi
bisa di pindah ning swargo. Bima gelem nuruti apa bae sing di kongkon Bathara
Guru asalkan bapak lan ibune bisa di tolongi.
Bathara Guru banjur ngongkon Bima menyang Kawah Candhradimuka, panggonan
ibu lan bapake di siksa. Bima trenyuh weruh bapak lan ibune ngrasa di siksa
banget ing kawah kuwi, banjur Bima nyemplung ning kawah kuwi lan ora di nyana
kawah Candhradimuka sing panas nemen lan kobaran geni ning ngendi wae,
ujug-ujug genine redup lan mati, panase uga ilang. Kawahe dadi sejuk banget.
Sawise kuwi para widadari padha teka njemput Prabu Pandu lan Dewi Madrim tumuju
Swargaloka.
Bima seneng banget bisa mbebasna wong tuwane saking Kawah Candhradimuka.
Dheweke langsung balik menyang sanggar pemujaane, lan balik menyang ragane.
Sakwise nggoleki Dewi Kunti yaiku ibu kandunge lan sedulur pandhawa liyane,
arep nyritakna perjuangane nalika nylametna wong tuwane.
Ngrungokna critane Bima, kabeh padha kagum marang perjuangane Bima.
Kerajaan Ngamarta banjur nggawe syukursn kanggo perjuangane Bima lan kebebasane
Prabu andu lan Dewi Madrim saking Neraka. Wiwit kuwi Pandawa dadi ngrasa luwih
damai, lan anggone latian perang luwih ketat kanggo nglawan para mungsuh sing
arep nggawe jagad raya porak poranda.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar