Rebo Wekasan iku
istilahe wong jawa kanggo ngarani dina rebo terakhir ing sasi shafar. Rebo
tegese dina rebo, dene wekasan utawa pungkasan tegese terakhir. Rebo Wekasan
ing kene maksude dina rebo terakhir ing sasi
Shafar utawa yen sasi jawane yaiku sasi syuro.
Asal-Usul Rebo Wekasan
Asal-usul pengetan
Rebo Wekasan ing masyarakat muslim Indonesia diwiwiti saking para sesepuh,
turun-temurun. Peristiwa iki kanggo bentuk keprihatinan saking keyakinan yen
Allah SWT bakal ana 320.000 bencana ing dina rebo terakhir sasi shafar utawa
rebo pungkasan. Masyarakat jahiliyah kuna uga baksa arab yakin yen sasi shafar
iku sasi Tasa’um utawi kesialan. Kepercayaan kuwi esih di yakini dening para
umat muslim sampe saiki.
Literatur
Sumber-sumber
rujukan nggo perayaan Rebo Wekasan iki yaiku kitab-kitab klasik ing jaman abad
17M. kitab-kitab rujukan iki karyane para cendekiawan muslim nanging saking
luar jawa. Dadi Rebo Wekasan ora kalebu asli budaya Jawa meski nganggo istilah
jawa. Kitab-kitab kang di anggo rujukan ing antarane: Mujarrabat al-Dairabi
al-Kabir karya syekh Ahmad al-Dairabi, Kanzun al-Najah karya Syekh Abd al-Hamid
al-Qudsi, al-Jawahir al-Khams karya Syekh Muhammad Khatir al-Din al-Atthar,
Syarah Sittin, Khazinat al-Asrar, lsp.
Ragam Ritual di Berbagai Daerah
Ragam Ritual di Berbagai Daerah
1. Tegal
Ing Gunung Tanjung,
Lebaksiu Kab.Tegal, para masyarakat wiwit bocah cilik nganthi wong tuwa padha
teka ing acara taunan Rebo Wekasan. Para rawuh ora mung saking Tegal, nanging
uga ana sing Brebes, Purwokerto, Pekalongan , malah uga ana saking Jakarta.
Dheweke padha nggawa sega onggal-anggil utawa sega kuning tumuju makame Mbah
Panggung kang ana ing ndhuwur bukit. Ora adoh saking bukit, wis ana suara
gendhingan Jawa, ing kana ana pegelaran wayang kulit.
2. Cirebon
Ngapem, Ngirap, lan
Rebo Wekasan iku tradhisi Saparan ing Kutha Cirebon. Ngapem dhewek asale saka
tembung “Apem” yaiku jajanan kang digawe saka tepung beras kang wis di
fermentasi. Apem di pangan barengan karo kinca utawa saos kang dig awe saka ula
jawa lan santen. Umume, masyarakat Cirebon nganthi saiki esih padha nindakake
iki. Tradhisi ngapem iki biasane mbagi-bagi apem marang para tangga kanggo
ungkapan sara syukur supaya adoh saka malapetaka. Dene Ngirab tegese buang apa
kang kotor, utawa buang sial. Masyarakat Cirebon biasane padha adus-adusan ing
Kali Drajat (petilasane Sunan Kalijaga. Ing
ritual iki uga ana sing unik, yaiku segerombolan bocah-bocah cilik pada
nganggo kopyah lan sarung sing di kalungna ing awake dheweke, muteri kampong
karo pada nembang “wur tawur nyi tawur, selamat dawa umur…” ritual unik iki di
wiwiti sakwise sholat isya nganthi Subuh.
3. Bantul
Tradhisi Rebo
Wekasan utawa Rabu Pungkasan di tindakake kanggo ungkapan rasa syukur dhateng
Gusti Ingkang Maha Agung. Puncak acara tradhisi Rebo Wekasan iki ana kirab
lemper (salah sawijining panganan kang digawe saka beras ketan) raksasa ukurane
2,5m, diameter 45cm saking Masjid ing Desa Wonokromo tumuju Balai Desa
Wonokromo. Kirab iki diwiwiti dening barisan Kraton Yogyakarta, banjur kemper raksasa
lan kelompok kesenian rakyat kayata: sholawatan, kubrosiswo, rodat, lsp. Lemper
raksasa iki sakbanjure di bagikna kanggo para hadirin, dene gunungan panganan
iki kanggo rebutan para masyarakat, mergane dipercaya yen sing nggawa balik
bakal olih berkah. Ing pagelaran tradhisi iki uga ana pesta rakyat, pasar malem
lan pagelaran seni tradisional.
4. Gresik
Ritual Rebo Wekasan
ing Gresik iki wis ana wiwit atusan taun kepungkur, nanging ora kaya ing
daerah-daerah kang mau wis disebutna, ing Gresik iki namung kaya acara khaul
utawa pengajian ing umume. Ing gresik iki nganakake acara slametan lan
pengajian umum kanggo acara silaturahmi.
5. Jember
Rebo Wekasan ing
Jember iki para masyarakat ngantri kanggo njukut banyu kang di yakini bakal
paring berkah. Tradhisi iki ana ing Desa Wringin Agung Jombang, Jember Jawa
Timur. Ing Rebo Wekasan, para warga padha menyang gentong kanggo njukut banyu
kang wis diwenehi piring sing ana tulisan rajah Arab.
Terima kasih, membantu saya
BalasHapus