Ban lan banjir
Karjo :
“Coba jawaben cangkriman iki, Min! Ban apa sing dhuwure nganti sagulu?”
Karmin :
“Ban mobil kanggo off-road.”
Karjo :
“Salah!”
Karmin :
“Bane traktor!”
Karjo :
“Salah!”
Karmin :
“Ya wis…, nyerah wae. Sing bener jawabane apa, Jo?”
Karjo :
“Yakuwi BANJIR.”
Karmin : “….????” (Kir: Sulispriyanto)
Sekolah lan rumah sakit jiwa
Tejo :
“Min, apa bedane sekolah karo rumah sakit jiwa?”
Gimin :
“Wis jelas beda kok isih takon!”
Tejo :
“Ngene lho Min, aku mung arep mbedheki kowe, kira-kira jawabane apa?”
Gimin :
“Sekolah iku sawijining panggonan kanggo golek ngelmu utawa kanggo
belajar, yen rumah sakit jiwa kuwi panggonan berobat kanggo wong sing
gendheng.”
Tejo :
“Jawaban kuwi pancen bener. Iku yen miturut awakmu, Min.”
Gimin :
“Yen saka kowe, apa bedane, Jo?”
Tejo :
“Ing sekolahan yen ana murid sing lara mesthi oleh mulih. Nanging ing rumah
sakit jiwa, sing oleh mulih yakuwi pasien sing wis waras.”
Gimin : “Ya wis, sakarepmu, Jo…
Jo….” (Kir: Sulispriyanto)
Dadi
Dokter Praktek Ning Ndeso
Dina
iku Jono sing nembe dadi dokter oleh tugas seko kepalane, dadi dokter bantuan
neng puskesmas ndeso..
Pasien
pertamane jenenge Sumiyatun, sing nggendong bayi cilik kuru, kaliren, ketoke
kurang gizi..
Suharso :”Lare niki biasane mimike susu formula
punapa ASI, mbak?“
Sumiyatun :”ASI pak dokter.“
Suharso :”Kok ketoke lare niki kurang gizi, cobi
kula tingali ASI-nipun, mbak.”
Sumiyatun
manut trus mbukak klambine sithik…
Suharso :”Nuwun sewu mbak, kula cepeng nggeh?
Kaliyan ngecek wonten gangguan punapa mboten.“
Sumiyatun
bingung tapi yo manut…
Suharso :”Sae sae mawon kok mbak, cobi kula
sedote nggih, medal punapa mboten ASI-nipun.” (Sumiyatun soyo bingung tapi manut…)
Sumiyatun :”Sampun dereng dok?“
(Karo
klamut klamut Suharso nyauri)
Suharso :”kok mboten medal ASI-nipun mbak?“
Suharso :”kok mboten medal ASI-nipun mbak?“
Sumiyatun :”Nggih jelas mboten medal dok, wong kulo
niki budhe-ne.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar