Masyarakat padha nenandur lidah buaya umume
kanggo pasren utawa rerenggan plataran utawa tanaman hias. Durung akeh kang
migunakake kanthi optimal kanggo kesehatan. Paling-paling mung dianggo kramas.Bab
iki amarga kurang pangertene masyarakat. Mula ing kene penulis bakal ngaturake
bab khasiate lidah buaya.
Wektu iki wis dadi trend masyarakat modern bali
marang alam,antara liya kanthi migunakakae tanaman minangka obat klebu ing kene
lidah buaya utawa basa Latine Aloe Vera.Ing negara maju kayata Amerika ,
Australia, lan negara-negara ing Eropa, lidah buaya dipigunakake kanggo bahan
baku industri lan omben-omben kesehatan. Ing Indonesia uga wis akeh kang padha
mbudidaya Lidah Buaya. Wilayah penghasil lidah buaya kang paling jembar yaiku
Kalinantan Barat (Pontianak), saengga kawentar minagka kutha Lidah Buaya.
Adhedasar panaliten, godhong lidah buaya bisa
dipigunakake minangka anti i inflamasi utawa peradangan, anti jamur, anti
bakteri, lan regenerasi sel. Kejaba iku lidah buaya uga duweni khasiat
ngudunake kadar gula sajrone getih kanggo panandhang diabetes, ngontrol tekanan
getih, ngrangsang kekebalan awak ngadhepi serangan lelara kanker, sarta
dipigunakake minangka nutrisi pendukung tumrap panandhang HIV. Lidah buaya uga
mbiyantu nyegah encok utawa rematik lan ngurangi peradangan panggonan
persendian lan sing wis kita sumurupi lidah buaya nyegah rontoking rambut lan
nambani tatu. Menawa ing ndalem ana tanaman lidah buaya ora perlu bingung yen
golek obat tatu. Kanggo nambani ambeien utawa wasir lan radang tenggorokan uga
bisa.
Olehe migunakakae bisa wujud bahan seger utawa
bahan dadi kayata kapsul, jus pasta utawa makanan lan minuman kesehatan.
Kembang lan akare uga duwenu khasiat kanggo ngobati lelara. Yaiku tatu memar
lan muntah getih.Akare nduweni khasiat minangka obat cacing tamba sembelit
utawa angel bebuwang. Gel lidah buaya uga nduweni kasiat ngatasi gangguan
pencernaan, ngatur keasaman lambung, ngundhakake kinerja lambung,gangguan
panggonan usus liyane.
Bageyan kang duweni khasiat obat utamane yaiku
cairan bening kaya jeli.kanthi mbelah batang lidah buaya. Khasiat utamane yaiku
anti inflamasi,anti bakteri,anti jamur, lan mbiyantu regenerasi sel. Cairan
kuning ing perangan njabakulit lidah buaya biasane dipigunakake kanggo obat
pencahar komersiallan ngandhut zat kang jenenge aloin. Zat gizi lan zat liyane
kang kinandhut sajrone lidah buaya pancen cukup akeh,saengga maedahi tumrap
kasarasan.
Carane ngramu
Kanggo
ngatasi wasir: mundhuta godhong lidah buaya separo,1/2 cangkir
banyu mateng lan 2 sendok madu. Eri lidah buaya dibuwang. Godhong kang wis ora
ana erine kasebut dikumbah resik lan diparut. Sawise iku disoki banyu mateng
kasebut lan madu, dicampur lan diudak rata, banjur disaring. Olehe ngombe
ramuan iki sedina kaping telu.
Kanggo nambani watuk
rejan: mundhuta 20 gram lidah buaya lan 40 cc madu. Sawise dikumbah
resik lan diilangi erine, gel lodah buaya dicampur karo madu. Olehe ngombe
sedina kaping pindho, esuk lan sore, sawise mangan.
Kanggo ngudhunake
kolestrol: bahane 30 gram lidah buaya dan 3 iji woh mengkudu utawa pace
kang wisa mateng. Carane gawe: lidah buaya dionceki lan dijus bebarengan karo
pace, banjur diwenehi banyu sakcukupe lan digodhog nganggo banyu sakcukupe
nganti umob. Sawise iku diombe rikala anget sedina kaping pindho, esuk lan
sore..
Tamba diabetes: Mundhuta
lidah buaya sapelepah lan banyu 3 gelas. Banjur dikumbah resik. Dibuwang
erinine, banjur diris-iris lan digodgog nganggo banyu 3 gelas, banjur
didadekake 1½ gelas. Olehe ngombe sedina ping telu a ½ gelas.
Tamba eksim: Bahan:
5 gram lidah buaya, 100 gram temulawak 20 gram godhong pegagan, 5 gram laos, 14
gram kencur. 10 gram godhong sembung legi, 10 gram godhong meniran’ 10 gram
godhong kates.24 gram widoro upas, 20 gram kayu manis lan 20 gram sangkobak.
Kabeh bahan didheplok alus lan ditambah banyu 400 ml, banjur disaring. Asil
saringan kasebut banjur diombe langsung ping pindho sedina, esuk lan sore.
Tamba
asma : 300 gram lidah buaya dikumbah resik,diparut,diperes banjur disaring.
Asil saringane diombe sedina kaping pindho, esuk lan sore. Kanggo tamb watuk
bocah migunakake gel lidah buaya (dikumbah dhisik), diombe esul lan sore, saben
sakombenan 1 sendok teh.
Warna-warna
penyajian
Saliyane ngunjuk utawa dhahar kanthi cara kang
wis disebut ing dhuwur, yaiku migunakake langsung bahan seger, wektu iki uga
akeh kang mroduksi kanthi cara liya supaya awet tanpa ngurangi kasiate. Wektu
iki uga ana sing mbudidaya digawe cendhol dhawet. Menawa panjenengan kerep
mriksani pameran utawa bursa tanaman obat ing Ngayogyakarta mesthi mergoki ana
kios dhawet lidah buaya. Ana weteng rasane kepenak banget, bisa ngurangi rasa
sebah panggonan weteng. Kepriye carane gawe? Gampang kok. Mundhuta 1 kg lidah
buaya, dikumbah resik, banjur dipundhut bageyan njero kang ngandhut lender.
Sawise iku potongan lidah buaya kasebut diwenehi uyah nuli diaduk-aduk saengga
ilang lendire. Sawise iku banjur dikumbah nganggo banyu resik nganti ambal
kaping pindho utawa ping telu nganti resik. Irisan kang wis resik mau banjur
digodhog nganggo banyu lan godhong pandhan nganti mateng utawa umob. Kangge
gawe sirup migunakake gula jawa dilaurutake ung banyu 250 cc banyu lan digodhog
nganti umob,semono uga santene digawe pisah. Olehe nyawisake, potongan lidah
buaya dicemplungake ing gelas lan ditambahake sirup gula jawa lan santen.
Cara liyane yaiku digawe selai. Bahan
: Daging lidah buaya; 500 gram gula pasir kanggo 1 kg. Daging lidah buaya; asam
askorbat o,1 % utawa 1 gram per liter banyu; natrium benzoate o,5 % utawa 5 gram
per kg daging lidah buaya. Ager-ager bubuk 3 gram utawa ½ bungkus. Carane
nggawe: Lidah buaya kang wis resik banjur dikum sajrone larutan asam askorbat
sajrone 15 menit, banjur ditirisake lan diremuk nganggo blender. Lidah buaya
kang wis remuk iki banjur dipanasi kanthi nambahake gula pasir, asam sitrat lan
ager-ager. Olehe manasake nganti umob kanthi diaduk-aduk, sawise iku diwenehi
bahan pengawet benzoate. Sawise dadi gel, olehe manasi diendhegake lan busa
kang ana dhuwur dibuang. Selai wis dadi lan siap dikemas nganggo botol.
Ana maneh kang diolah kanthi srana digawe teh
Carane nggawe: Kulit godhong lidah buaya dikumbah resik lan ditirisake,
dipotong cilik-cilik utawa dirajang kaya godhong tehbanjur dipepe sing panas
utawa dioven. Sawise dikeringake, teh lidah buaya siap dikonsumsi kaya dene teh
tubruk utawa teh biasa. Uga bisa digawe bubuk, banjur dikemas sajrone kanthong
kertas kayadene teh celup.
Di gawe Dodol : Bahan : 1 kg daging daun
lidah buaya; 700 gram tepung ketan 400 gram tepung beras; 2 kg gula pasir 2
liter santen; 0,1 % asam askorbat ( 1 gram kanggo 1 liter banyu utawa 0,1 gram
kanggo 100 ml banyu ); pewarna ijo prayoga sing alami nganggo godhong suji );
ager-ager sakcukupe. Carane nggawe: santen lan gula dimasak nganti kenthel.
Tepung ketan lan beras dicampurake ing larutan gula. Lidah buaya dicemplungake,
banjur diudak nganti ora lengket ing wajan. Sawise iku diwenehi ager-ager lan
pewarna lan dodol siap dikemas. Dodol lidah buaya iki mujudake panganan khas
Pontianak.
Kanggo omben-omben bisa digawe sirup lidah buaya
lan serbat. Bahan kang diperlokake kanggo nggawe sari lidah buaya yaiku:
godhong lidah buaya kang dijupuk daginge. Pilih sing during tuwa kanthi cirri:
werna ijo, bintik-bintik putih, perangan pinggir erine empuk lan pucet. Daging
lidah buaya dicampur nganggo banyu kanthi perbandingan : daging lidah buaya :
banyu 1 : 4, saumpamane daging lidah buaya 100 gram banyune 400 ml. Sabanjure
daging lidah buaya lan banyu diblender nganti remuk Sabanjure disaring nganggo
kain saringan utawa saringan plastic Lebokna ing cairan lidah buaya kasebut
gula 10 – 15 %,asam sitrat 0,1 -0,2 %,uyah 0,025-0,1%,esen lan pewarna
sakcukupe. Sabanjure dimasak sajrone suhu 85-90
nganti 20-25 menit. Sajrone
kahanan panas, dilebokake ing botol-botol kang wis disterilake (digodhog
sajrone banyu nganti 1-2 jam ) kanthi nyisakake ruangan 1,5 –2,5 cm saka
ndhuwur tutrup botol. Botol-botol kang wis isi kasebut 10 – 15 menit, banjur
ditutup rapet lan kareben adhem ing suhu ruangan. Panggonan botol diwenehi
etiket lan minuman sari lidah buaya bisa dipasarake Dene serbat lidah
buaya, carane nggawe: mundhuta 10 iji godhong lidah buaya,banyu 500
cc, 1 sendok makan kapur sirih kang dilarutake ing banyu 1.500.cc,150 gram gula
pasir, 4 iji cengkeh, 3-5 cm kayu manis. Lidah buaya dionceki lan dijupuk
bageyan kang bening, banjur diiris cilik-cilik wujud dadu utawa kubus. Sawise
iku potongan lidah buaya dicemplungake ing larutan kapur sirih sajrone 30
menit. Sawise 39 menit ditirisake lan disiram nganggo banyu umob sakcukupe, nuli
dikumbah nganti resik. Kanggo nggawe sirupe, migunakake banyu, gula, kayu manis
lan cengkeh kang digodhong nganti umob. Sawise umob potongan lidah buaya
dicemplunge ing godhogan sirup kasebut lan banjur diangkat lan siap diombe
sawise adhem. Uga bisa ditambahake es batu utawa es serut.

Peluang bisnis
Peluang bisnis lidah buaya wektu iki cukup
gedhe.Apa maneh ing Indoensia wis akeh kang mroduksi obat, kosmetikalan minuman
kesehatan nganggo bahan lidah buaya. Ing tataran donya bisnis lidah buaya nilai
penjualan lidah buaya 60 milyar dollar/tahun. Emane ing Indonesia budidaya
lidah buaya during intensif kejaba ing Kalimantan barat. Kita asring mrangguli
isih akeh lemah kang nganggur during bisa dipigunakake. Mula para petani uga
perlu uga mikirake budi daya tanaman lidah buaya. Iki. Wondene teknogi tepat
guna uga wis ana kaya kang dhak aturtake ing dhuwur. Ing kalangan kelompok tani
wanita uga perlu nggarap tanaman iki. Nyatane ing tanah Jawa uga bisa thukul
gedhe-gedhe. Mesthine migunakake bibit unggul saka Kalimantan barat Apa maneh
lidah buaya uga tahan ing tanah kang kering, Ing daerah perkotaan bisa
migunakae pot kang gedhe. Coba, menawa saben omah padha nandur lidah buaya
limang pot, menawa sak RT 40 omah, bisa ngasilake 200 pot lidah buaya. Ibu- ibu
PKK bisa ngolah arupa cendhol, teh, sirup lidah buaya,dodol lsp. ,saengga
nambah nilai ekonomis tanduran iki. Dinas Pertanian Kabupaten utawa Kota perlu
nyurung wargane budidaya lidah buaya iki. Apa maneh tanaman lidah buaya gampang
lan relative ora mbutuhake investasi kang dhuwur. Bab iki disebabake tanduran
iki mujudake tanaman tahunan kang bisa dipanen bola bali kanthi masa produksi
7-8 tahun. Mangga dicoba!(Saka warna-warna sumber : Lukyastirin
D )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar