Wali
Kota Surabaya Tri Rismaharini sajak tumemen
banget anggone ngawekani program ‘cinta lingkungan’. Buktine, pesta Merdeka
Dari Sampah (MDS) tansah dipamerake nalikane ana kalodhangan lunga menyang
manca. Salah sijine, wali kota nate paring sesorah kegiyatan taunan iki ing Amerika
Serikat.
Risma-paraban
akrabe Tri Rismaharini-, mratelakake bab kasebut nalika paring sesorah ing
acara awarding MDS 2014 kang digelar ing Taman Surya, Balai Kota Surabaya,
Senin (16/11) kepungkur. Risma nandhesake yen program kanggo nresnani
lingkungan kasebut wis samesthine dipamerake jalaran nduweni wawasan (visi),
kekarepan (misi), mesisan akibate kang apik banget.
Ora mung saya
mundhak katresnane warga Surabaya marang lingkungane, acara kasebut nuwuhake
gotong-royonge warga saya kukuh. “Kita iki mung saderma duwe SDM. Kita ora
duwe sumber daya alam. Dadi, kita kudu tansah nindakake gotong-royong kanggo
majokake kutha iki,” ujare Risma klawan semangat kang makantar-kantar.
Lomba MDS ngga-
yuh pucake dina Minggu (16/11). Taun iki RT-09/RW-03, Kelurahan Manukan
Kulon, Kecamatan Tandes kasil mboyong gelar Best of the BestMDS
2014.
MDS
di-launching nalika 11 September kepungkur. Sawise rong sasi mlaku,
kegiyatan kasebut ditutup klawan awarding kang kaleksanan
regeng banget. Kepriye ora, wiwit esuk, ewonan uwong tumplek-blek ngebaki
Taman Surya, Balai Kota Surabaya. Dheweke kabeh kuwi dudu mung warga kang
wewengkone klebu 33 wilayah terbaik MDS 2014. Nanging uga ana warga kota liyane
kang nduweni kawigaten mligi marang gerakan cinta lingkungan.
Acara kasebut
tambah regeng jalaran sadurunge nampa penghargaan, dheweke kabeh padha
ngubengi Taman Surya mamerake sakehing sragam khas kang digawe saka barang
bekas utawa kang wis didaur ulang. Ing antarane ana botol tilas inuman kanggo
makutha kang awujud kembang, kardhus kanggo sakehing sragam, karung semen
kanggo klambi, plastik kanggo rok, klawan sakehing corak lan warna kang
mobyor.
Sinambi jejogedan
kabeh mubeng karo nenabuh sa-anane kang wis digawa saka ngomah. Ana panci,
ember, galon wadhah banyu, kenthongan, lan tetabuhan gamelan sarta grup
jaranan.
Meruhi saiyege
warga kasebut, Wali Kota Surabaya Tri Rismaharini sajak mongkog lan gumun
banget. Wanita nomer siji ing jajaran Pemkot Surabaya iki ora ana kendhate anggone
ngawe-aweake astane binarung mbengokake anggone eram marang wargane kang
karep banget. “Merdeka,” pambengoke wali kota. Semangate wali kota iku uga
diwangsuli warga kang ora kalah makantar-kantare. “Merdeka, Bu Risma,”
pambengoke atusan uwong kasebut sajak bareng ambata rubuh.
Ing kalodhangan
iki tilas Kepala Dinas Kebersihan dan Pertamanan (DKP) Surabaya iki uga
nelakake atur panuwune marang warga kang wis mbiyantu lan gotong-royong
anggone njaga karesikan lingkungane. “Yen warga ora saiyeg lan rukun,
nglengkara kabeh iki bisa maujud,” tandhese tilas Kepala Badan Perencanaan Pembangunan
Kota (Bappeko) Surabaya iki.
Isih ing
kalodhangan iki, Risma ngajab marang warga sing wilayahe durung ngeloni MDS
taun iki, supaya taun ngarep wis bisa ngeloni kegiyatan kasebut. “Yen sing
liyane bisa engga saiyeg kaya ngono, geneya ora ditiru,” ujare.
Sawatara
iku Best of the Bestkaperang dadi nem kelompok, yaiku Kampung Partisipasi
Terbaik, Kampung Pemilihan Sampah Terbaik, Kampung Penghijauan Terbaik, Kampung
Sanitasi Terbaik, Pahlawan Lingkungan, lan Pembina (Road Show). Saben
kelompok Kampung Terbaik ana wolung RT, dene Pahlawan Lingkungane ana wong
lima, lan Pembinane uga ana wong lima.
Mligi tumrap
Kampung Sanitasi Terbaik kang diembani dening Lurah Medokan Ayu, Bambang H.E.S,
STP, dalasan Ketua RW-04 Drs.Ec Moelyono padha ngandhakake yen penghargaan kang
ditampa kuwi merga asil saka gotong-royonge warga ngenggon, kang tansah
dipikuwati dening semangate Ketua RT-07, Jl.Medayu Selatan XI, yaiku Drs
H.Sudiyono MM, dalah ibu-ibu PKK-ne.
Jl. Medayu
Selatan XI, Kelurahan Medokan Ayu, Kecamatan Rungkut iki katelah minangka
‘Kampung Mangga’. Awit, ing sadawane dalan kasebut akeh tanduran pelem
ngrembuyung eyup, nyenengake banget.
“Aku
mongkog, awit nembe sepisan melu lomba wis klebu 30 besar,” ujare Sudiyono
marang “PS”. Karo nambahake, “Terima kasih warga, terima kasih marang sekabehane.
Muga-muga taun ngarep bisa nggayuh juwara,” tandhese. (Bsh)