Minggu, 11 Januari 2015

Tradhisi Manganan

Manganan wonten desa Ngradin, kecamatan Padangan, kabupaten Bojonegoro. Kabupaten Bojonegoro menika sebelahipun kabupaten Blora kang kapisah kaliyan bengawan Solo. Ing desa Ngradin menika manganan kalaksanan wonten ing sendhang kang ana tengah-tengahing desa. Kalaksanan wonten sendhang amargi mbah danyang desa Ngradin menika wonten ing sendhang. Sendhang menika adem tur amba panggenanipun. Manganan kalaksanan sabibare jumatan.
Manganan kalaksanan sasampunipun panen antawis wulan 7 kaliyan wulan 8. Dinten jumat kliwon menika ngresiki sendhang, salajengipun dinten jumat pahing menika kalaksanan manganan.


Urut-urutan manganan nun inggih kaping:
1. Banca’an wonten griyanipun piyambak2
2. Ngresiki sendhang
3. Banca’an ing sendhang
4. Urutan kang pungkasan nun inggih rame2 tanggapan kethoprak utawi kesenian sanesipun kayata, tayub, wayang, lan sakpiturute.

Pelaksana tradhisi menika:
1. Warga-warga
2. Pamong desa
3. Anggota kethoprak
4. Mbah mudin ingkang mimpin donga


Menawi pamong desa menika kedhah ubo rampe ingkang kathah amargi nggarap sawah bengkok kang amba banget dadosipun panenanipun kathah sanget. 
Ubo rampe:
1. Sekul
2. Lawuh: mi, kluwih,kacang, ingkung, peyek, tempe, kering, lan sakpiturute
3. Jajan : kecek, jenang, jadah, gula-gula, gedhang, tape, krupuk lan sak piturute.


Sedaya menika yen sampun dugi sendhang didadosaken setunggal lajeng dipun bagi-bagi dening para warga. Manganan inggih nggadhahi teges rasa syukur dhumateng gusti ingkang maha agung ingkang sampun paring panen kang kathah saengga saged kalaksanan manganan menika. inggih para warga nyuwun supados ing panen salajengipun saged pikantuk panen ingkang luwih katah.

Contoh-contoh Geguritan

RAHASIA ATI

raine kowen sing tak selagna ning lorogan ati kiye..
tak umpetna rapet-rapet..
mbuh mbangkana bakale kepriben..
kaya kemricike banyu sing mili,
iramane ati sing tak jorna..
kowen sing ning kana..
nyong belih bisa apa-apa..
nyong mung bisane meneng..
kaya watu sing ditukuli lumut,
sing tukule langka sing nandur..
mbrabah sekarepe dewek..
kaya raine kowen sing tak selagna ning lorogan ati kiye..
tak umpetna..
embuh sampe kapan….

NGENTENI

ning nduwure wedi sing keseyak ombak
aku mandeng serngenge sing isin
alon-alon umpetan
ning sikile langit
ning longane dina
bengi manjat sayak suwe sayak atis
manuk laut sing wis laka abane
aku megin ning kene
ngadeg
nglekgleg
ngenteni kowen
wong ayu sing lunga digawak angin

Kangene atiku
Ing wengi iki
Wengi seng kebak lintang
Wengi seng kebak rembulan
Aku tansah kelingan sliramu
Angin kang sumilir
Nambahi rasa kangenku marang sliramu
Saben bengi
Aku tansah mandengi
Mandengi gambar lan photomu
Seng tak simpen ana dompetku
Lintang rembulan
Dadi kancaku saben bengi
Sinar rembulan kang endah
Bisa ngayemke ati
Aku tansah ngenteni
Lan dedongo marang gusti
Supaya sliramu cepet bali
Ngilangi kangen ing ati

IBU
Tresna asih ibu…
Ora ana kang bisa ngganteke
Kesabarane kang kebak wuluh…
Ora bisa daklaleke
Doane kang tulus…
Tansah ngiringi awakku
Pengorbanane kang tanpa wales…
Ora bisa winales
Ibu…
Pituturmu bakal dakrungu
Tresna asihmu marang aku
Ora bakal tak puput
Pandongaku ibu…
Muga Gusti tansah nyembadani.

Wengi

Ana ing wayah wengi iki
Kaya kaya nglamuning ati
Tansah kelingan
Bab-bab kang wigati

Kelingan terus ananing pati
Lima wektune
Kang tansah tak ati-ati
Muga-muga awaku iki ora tau lali..

Kanggo sangu ngadhep
Marang gusti
Kang murbeng dumadi


Aku lan sliramu

Nembe rampung udan sore iki
Ninggalake kesenengan ati
Aku lan sliramu mlaku ing dalan iki
Lan padhange lintang-lintang ing sadawane wengi

Kanthi sesuk nemokake sunaring surya
Kang bisa nggawa aku lan sliramu tumuju urip
Mulya

Kethoprak

Kethoprak   Kethoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priya ing ndhususn sing lagi nganakake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasubet gejog. Ana ing tembe keiring temang bebarengan ing kampong/shusun kanggo lelipur. Sateruse ana  tambahan kendhang, terbang lan suling. Mula wiwit saka ku kasebut kethoprak lesung. Kira kira kedadeyan ing tahun. Banjur ana ing tahun 1909 wiwitan dianakake pagelaran kethoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran kethoprak wiwitan sing resmi ing ngarepe masuarakat/umum, yaitu kethoprak wreksotomo, dipandhegani dening Ki Wisangkoro, sing mandhegani kabeh kakung. Carita sing dipagelarake yaiku: warsa-warsi, Kendana Gendini, Darma Darmi, lsp.
Sawise ikku pagelaran kethoprak sansaya suwe dai apik uga dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlata Yogyakarta.

JINIS KETHOPRAK
Anane gegayutan karo teater para nara  praja, mula pagelaran kethoprak, bisa dibedakake mangkene:
1.   Kothekan lesung
2.   Kethoprak lesung wiwitan
3.   Kethoprak gamelan
4.   Kethoprak gamelan pendhopo
5.   Kethoprak panggung

ISI CARITA
Rupa werna carita pagelaran kethoprak umpama carita rakyat, dongeng babad, ledenfa, sejarah lan adaptasi saka negari manca bisa uga migunakake swasana Indonesia, tuladhane kaya Shakespeare: Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-warsi, Kendhana-gendhini, Abdul sumararupi, Panju Asmara Bangun, Klana Sewandana, Andhe andhe lumut, Angling darma, Rara mendut, Damar Wulan, Ranggalawe, Jaka Bodo.
Crita klangenan masyarakat bisa awujud carita pahlawan, peperangan, carita nglempengake kabecikan adate ing pungkasan carita sing rumindake becik, jujur bakal entuk kemenangan. Ageman para nayaga pemain, dipadakake karo carita kang dipagelarake. Biasane nganggo ageman para narapraja jawa wektu jaman kerajaan mbiyen. Umpama Pangeran Wiroguna agemane ngaggo priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah (Yogyakarta), semono uga prajurit. Nanging uga ana ageman kang awujud simbolis, umpamane piyantun wicaksana aweni ageman cemeng, piyantun suci aweni ageman pethak, ingkang kendel  agamene abang. Carita Baghdad agemane "Mesiran" nganggo afeman sutra. Ageman wayang wong uga ana gegayutane karo kethoprak, utamane Kethoprak pesisiran tlatah Jawa pesisir lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga ana ageman kasebut basahan, yakuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan bisa rupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo jubah). Ageman basahan iki adate ana ing carita menak utawa carita para wali/para ulama islam ing sajerone praja.
Sing dadi ciri wancine kethoprak :
1.   Para nayaka/pemain
2.   Kiering tetabuhan (gamelan)
3.   Ageman tembang  kand dadi tetenger kethoprak
4.   Rembugan uga biasa nganggo tembang, tembang bisa mujudake dadi  pengiring adegan, dialog, monolog, utawa dadi narasi
5.   Unining gamelan kanggo ngiringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatic, kang mbedakake adgean siji lan sijine.
PERANGKAT PENGIRING
Kendhang, saron, kethuk, kenong lan gong kemada. Gamelan jangkep adate nganggo suling utawa terbang. Kanthi tambahan keprak. Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone acting, uga pinter nembang lan njoged beksan. Para pradangga gamelan, bebearengan karo sindhen waranggana  ngeriringi irama gamelan kethoprak.

Senadyan sing dianggo basa Jawa, nanging kudu nganggo unggah ungguh basa, bisa nganggo basa ngoko, basa krama, lan krama inggil. Seaiki ana ingg wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe improvisasi kanthi wujud dafelan lan kethoprak humor ana ing siaran radio lan televisi. Carita bakune pada nanging dipagelarake kanthi dhagelan. Mligi ngemukake lan nyenengake pemirsane

MDS Nuju Kampung Sukses

Wali Kota Surabaya Tri Rismaharini sajak tumemen ba­nget anggone ngawekani program ‘cinta lingkungan’. Bukti­ne, pesta Merdeka Dari Sam­pah (MDS) tansah dipamerake nalikane ana kalodhangan lunga menyang manca. Salah sijine, wali kota nate paring sesorah kegiyatan taunan iki ing Ame­rika Serikat.
Risma-paraban akrabe Tri Ris­maharini-, mratelakake bab kasebut nalika paring sesorah ing acara awarding MDS 2014 kang digelar ing Taman Surya, Balai Kota Surabaya, Senin (16/11) kepungkur. Risma nandhes­ake yen program kanggo nres­nani lingkungan kasebut wis samesthine dipamerake jalaran nduweni wawasan (visi), keka­repan (misi), mesisan akibate kang apik banget.
Ora mung saya mundhak katresnane warga Surabaya marang lingkungane, acara kasebut nuwuhake gotong-royonge war­ga saya kukuh. “Kita iki mung sader­ma duwe SDM. Kita ora duwe sumber da­ya alam. Dadi, kita kudu tansah nindak­ake gotong-royong kanggo majokake kutha iki,” ujare Ris­ma klawan sema­ngat kang makantar-kantar.
Lomba MDS ngga­- yuh pucake di­na Minggu (16/11). Ta­un iki RT-09/RW-03, Kelurahan Ma­nukan Kulon, Keca­matan Tandes kasil mbo­yong gelar Best of the BestMDS 2014.
MDS di-launching nalika 11 September kepungkur. Sawise rong sasi mlaku, kegiyatan ka­sebut ditutup klawan awarding kang kaleksanan regeng ba­nget. Kepriye ora, wiwit esuk, ewonan uwong tumplek-blek ngebaki Taman Surya, Balai Ko­ta Surabaya. Dheweke kabeh kuwi dudu mung warga kang wewengkone klebu 33 wilayah terbaik MDS 2014. Nanging uga ana warga kota liyane kang nduweni kawigaten mligi ma­rang gerakan cinta lingkungan.
Acara kasebut tambah re­geng jalaran sadurunge nampa penghargaan, dheweke kabeh padha ngubengi Taman Surya mamerake sakehing sragam khas kang digawe saka barang bekas utawa kang wis didaur ulang. Ing antarane ana botol tilas inuman kanggo makutha kang awujud kembang, kar­dhus kanggo sakehing sragam, karung semen kanggo klambi, plastik kanggo rok, klawan sa­kehing corak lan warna kang mobyor.
Sinambi jejogedan kabeh mu­beng karo nenabuh sa-anane kang wis digawa saka ngomah. Ana panci, ember, galon wa­dhah banyu, ken­thongan, lan teta­buhan gamelan sarta grup jaranan.
Meruhi saiyege warga kasebut, Wali Kota Surabaya Tri Rismaharini sajak mongkog lan gu­mun banget. Wanita nomer siji ing jajaran Pemkot Surabaya iki ora ana kendhate anggone ngawe-aweake astane bi­narung mbengoka­ke anggone eram ma­rang wargane kang karep banget. “Mer­deka,” pam­bengoke wali kota. Semangate wali kota iku uga diwangsuli warga kang ora ka­lah makantar-kantare. “Merdeka, Bu Ris­ma,” pambengoke atusan uwong kasebut sajak bareng ambata rubuh.
Ing kalodhangan iki tilas Kepala Dinas Kebersihan dan Pertamanan (DKP) Sura­baya iki uga nelakake atur panuwune ma­rang warga kang wis mbiyantu lan gotong-royong anggone njaga karesikan lingku­ngane. “Yen warga ora saiyeg lan rukun, nglengkara kabeh iki bisa maujud,” tan­dhese tilas Kepala Badan Perencanaan Pem­bangunan Kota (Bappeko) Surabaya iki.
Isih ing kalodhangan iki, Risma ngajab marang warga sing wilayahe durung nge­loni MDS taun iki, supaya taun ngarep wis bisa ngeloni kegiyatan kasebut. “Yen sing liyane bisa engga saiyeg kaya ngono, ge­neya ora ditiru,” ujare.
Sawatara iku Best of the Bestkaperang dadi nem kelompok, yaiku Kampung Parti­sipasi Terbaik, Kampung Pemilihan Sampah Terbaik, Kampung Penghijauan Terbaik, Kam­pung Sanitasi Terbaik, Pahlawan Ling­kungan, lan Pembina (Road Show). Saben kelompok Kampung Terbaik ana wolung RT, dene Pahlawan Lingkungane ana wong lima, lan Pembinane uga ana wong lima.
Mligi tumrap Kampung Sanitasi Terbaik kang diembani dening Lurah Medokan Ayu, Bambang H.E.S, STP, dalasan Ketua RW-04 Drs.Ec Moelyono padha ngandhakake yen penghargaan kang ditampa kuwi merga asil saka gotong-royonge warga ngeng­gon, kang tansah dipikuwati dening sema­ngate Ketua RT-07, Jl.Medayu Selatan XI, yaiku Drs H.Sudiyono MM, dalah ibu-ibu PKK-ne.
Jl. Medayu Selatan XI, Kelurahan Me­dok­an Ayu, Kecamatan Rungkut iki katelah minangka ‘Kampung Mangga’. Awit, ing sa­dawane dalan kasebut akeh tanduran pe­lem ngrembuyung eyup, nyenengake ba­nget.
“Aku mongkog, awit nembe sepisan melu lomba wis klebu 30 besar,” ujare Su­diyono marang “PS”. Karo nambahake, “Te­rima kasih warga, terima kasih marang se­kabehane. Muga-muga taun ngarep bisa nggayuh juwara,” tandhese. (Bsh)

Tradhisi Cowongan

Mangsa ketiga nang endi bae gawe rekasa. Sing paling ngrasakna sedulur tani. Sawah, kebon, pekarangan garing padha nela. Nandur apa bae ora kambon banyu akeh ora kasile. Arep liwet bae kudu mlaku adoh ngangsu sumur sing ana banyune. Sing ana neng pinggir kali Serayu esih begja bisa ngedhuk wedhi gawe belik karo tangan esih bisa metu banyune. Ning ya rekasa goli munggah mudhun ngangsu. Mangsa terang dawa akeh sing sambat.
Sapa maning sing bisa nekakna udan angger udu Sing Kewasa? Mulane padha ngrekadaya nyuwun maring Gusti Allah supaya nyembadani ngirim udan maring bumi. Salah sijine upacara nyuwun udan sing ana neng tlatah Banyumas dearani cowongan. Nganakna cowongan biasane merga mangsa ketigane liwat sekang patang wulan lawase. Utawane lemah wis padha garing malah nganti mbledhag, sumur sat, tanduran padha garing, mati. Upacara cowongan nyuwun marang Gusti Allah supayane nekakna sukmane Dewi Nawangwulan mbantu nekakna udan nggo nelesi bumi sing garing.
Dewi Nawangwulan kuwe sapa?
Critane, Dewi Nawangwulan kuwe widadari sekang kahyangan. Wektu mudhun maring bumi karo batir-batire adus nang tlaga. Klambine deumpetna neng Jaka Tarub. Mesthi bae ora bisa bali maring kahyangan. Banjur neng Jaka Tarub si widadari dejek bali. Nawangwulan banjur dedadekena bojo urip kaya menungsa lumrahe.
Bareng duwe anak dejenengi Nawangsih, klambi sing deumpetna Jaka Tarub ketemu. Nawangwulan banjur mabur maring kahyangan anake detinggal neng ngisor wit gedhang raja. Mulane Nawangsih nggo nyambung batine Nawangwulan njaluk udan sing deanakena neng ngisor wit gedhang raja. Kaya kuwe critane upacara mau niru Jaka Tarub.
Cowongan ora kena sembarangan. Ddhukun cowongan karo wong sing arep melu upacara kudu padha tirakat suwene pitung dina pitung wengi. Ancase nggo ngresiki jiwa lan raga. Sawise tirakat dhukun lan sing detugasi upacara siap ngundang tekane Nawangwulan sing ketelah dearani Nini Cowong. Nini Cowong wujude golek, endhase sekang cumplung awake sekang pring njuran deklambeni kaya putri sing ayu rupane.
Lakune upacara Cowongan panggonane neng ngisor wit gedhang raja. Si dhukun maca mantra ngundang tekane Dewi Nawangwulan. Jere kon mbantu nyuwun maring Gusti Allah nekakna udan sebab bumine wis garing, uripe menungsa rekasa merga sumure sat, tanduran padha mati. Mbarengi dhukun maca mantra, Nini Cowong deobahna kaya lagi nyuwun udan maring Gusti Allah. Ning kasembadan orane gemantung Kersane Gusti Allah.
Nah, siki udan wis temurun. Godhong-godhong wis keton ijo. Bumi sing nela rapet maning. Sumur sat metu banyune. Mulane mayuh padha sing gedhe rasa sukure. Kabeh obahing jagat kiye neng Kewasane Gusti Allah. Demareni goli sambet angger selagi rumangsa rekasa lan butuh maring pitulungane Gusti Allah. Kabeh mahluk wajib bekti maring sing gawe urip sedawane esih ambekan, esih bisa nyawang srengenge madhangi bumi. Mayuh bali maring kersane Gusti Allah. Sing ora kalah penting, anane berkah udan kiye njuran aja dadi mala. Aja mbuwang runtah janji ber men dalan banyu ora mampet.

Sabtu, 10 Januari 2015

Tradhisi Rebo Wekasan ing Kutha Kudus


Tradhisi rebo wekasan menika salah setunggal tradhisi ingkang misuwur sarta tasih dipunpengeti dening warga desa Karangmalang. desa Karangmalang menika nama salah setunggal desa wonten ing kecamatan Gebog. Kecamatan Gebog menika salah setunggal kecamatan ingkang wonten ing kabupaten Kudus. Dunungipun wonteb ing ampeyanipun redi muria. Pendhudhuk desa Karangmalang menika pakaryanipun sadean, pengusaha konveksi, pengusaha batik, sarta tani. Agami ingkang dipunanut wonten ing desa Karangmalang inggih menika agami islam. Pramila sedaya tradhisi ingkang woten ing desa Karangmalang menika sami campur kalayan agami islam.
Tradhisi rebo wekasan menika domados saking kalih tembung, inggih menika “rebo” ingkang tegesipun ‘dinten rebo’ sarta wekasan ingakg tegesipun ‘pungkasan’. Tradhisi rebo wekasan ugi asring dipunwastani tradhisi “toya salamun”. Tradhisi menika dipunlampahi wonten ing dinten rebo pungkasan wulan sapar. Tatacaranipun inggih menika dipunwiwiti milahi rampung salat maghrib. Sasampunipun salat maghrib, para warga desa Karangmalang kempal wonnten ing mejid. Lajeng sami maos surat yasin sepisan. Nalika dumugi ayat salamunqoulanminrobbirrahim dipunwaos kaping 313. Sasampunipun lajeng smi sesarengan salat isya. Sederengipun salat isya, kawula enem utawi remaja masjid sami nyepakaken embor ageng, toya, dluwang, sarta pulpen. Toya menika lajeng dipunlebetaken dhateng embor. Lajeng dluwang menika dipunserati ayat salamunqoulanminrobbirrahim, lajeeng dipuncemplungaken wonten ing toya menika. Sasampunipun, remaja masjid bandumaken toya menika dhhateng para rawuh. Tradhisi menika dipunpandegani dhateng pak modin sarta dipuntumuti dening sedaya warga desa Karangmalang.
Ancasipun tradhisi menika inggih kagem ngemutaken para warga supados sami dedonga amargi wonten ing dinten rebo menika Allah nurunaken coba utawi bala kathahipun 320.000 kagem manungsa. Saengga, dedonga menika dados setunggal sarana kagem nulk coba menika.

Demam Berdarah

Demam berdarah sawijine penyakit mbebayani sing ditularake denign nyamuk aedes aegypti. Penyakit sing dikenal wiwit taun 1954 iki isih durung ana obate. Gejala penyakit demam berdarah iki meh kaya wong lara flu utawa kena lara thypus. Gejala penyakit Demam berdarah yaiku awak panas dhuwur, napsu mangan kurang, tutuk rasane pait, lan lumrahe yen dipeksa mangan kudu mutah. Yen wis nemen lumrahe ing kulit mlenthing-mlenthing abang. Pasien sing gampang kena penyakit Demam berdarah lumrahe bocah cilik, mligine bocah sing isih balita. Awit bocah cilik mono, daya tahan lan kekebalan awake tumrap penyakit durung sepira kuwat. Mulane, yen ora ana bocah cilik lara panas lan ora enggal mudhun panase, prayogane enggal digawa menyang dhokter utawa Puskesmas.
Wabah penyakit Demam berdarah iki duwe siklus wabah limang taunan. Saben limang tahun sepisan biasane asring dumadi wabah penyakit Demam berdarah. Siklus iki dumadi saka pengaruh puncak ngrembakane nyamuk aedes aegypti manut rentang wektu limang taunan. Nyamuk aedes aegypti lumrahe ngrembaka lan babar tumangkar ing mangsa rendeng. Awit ing mangsa rendheng, lumrahe akeh banyu sing padha mambeg lan ora bisa mili kanthi lancar. Nyamuk aedes aegypti kalebu banyaku sing resikan, awit nyamuk iki ora gelem ing papan banyu sing reged, nyamuk iki ngendhog lan babar tumangkar ing banyu sing resik, kayata: ing banyu jedhing, genthong utawa genuk, ing blumbang sing resik, ing banyu pot kembang, botol, lan umplung kosong sing kaisi banyu udan, lan sapiturute.

Kanggo nyegah supaya penyakit Demam berdarah ora dadi wabah epidemic, ana 3 cara sing diarani 3M. 3M aksebut cekakan saka tembung Menguras, Mengubur, Menutup. Menguras maksude yaiku nguras jedhing utawa bak mandi saben 3 dina pisan. Aja nganthi jedhing digawe ngendhog nyamuk sing nganti bisa babar tumangkar dadi uget-uget nuli ing nglare nyamuk wiwit saka endhog nganti dadi nyamuk mung butuh wektu kurang luwih limang dina nganti saminggu. Mulane, yen saben 3 dina dikuras, bisa nugel proses ngrembakane nyamuk. Menutup tegese nutupi wadhah banyu kayata: genthong utawa genuk, ceret, kendhi utawa wadhah ngombe liyane aja nganti bisa diliwati nyamuk. Wondene menimbun tegese ngurug wadhah wekas limbah rumah tangga sing arupa botol kosong, kaleng, cepuk, lan sapiturute sing bisa kanggo ngendhog nyamuk yen kisnenan banyu udan. Sing luwih wigati saben wong kudu duwe prinsip luwih becik nyegah tinimbang ngobati. Awit yen wis kena penyakit, banjur mlebu Rumah Sakit akibate bisa mbebayani. Kajaba wragad sing ora sethithik, resikone yen wis nemen bisa nggawa nyawa. Wis akeh pasien sing Rumah Saki ting ninggal merga saka kena penyakit Demam berdarah. Kajaba 3 M sing dhuwur, sing wigati saben wong kudu bis njaga karesikan dhiri pribadi. Kita kudu bisa njaga karesikan ing njero lan ing njaba omah. Aja kemproh! Ndeleh barang utamane klambi sing reged pating slampir sing bisa kanggo sarange nyamuk. Sadurunge turu prayogane kamar disemprot dhisik nganggo obat anti namuk utawa nganggo krim anti nyamuk, obat nyamuk bakar, elektrik lan sapanunggale. Pekarangan ing sajabane omah kudu asring diresiki. Got sing banynye mambeg kudu diilekake, supaya ora dadi panggonan sing bisa kanggo ngrembakane nyamuk.

Rabu, 07 Januari 2015

Tradisi Sepasaran Bayi di desa Sumurgede Kec. Godong, kab. Grobogan

Tradisi sepasaran bayi wonten ing desa Sumurgede, kecamatan Godong, kabupaten Grobogan menika nggadhahi ciri khas ingkang benten kaliyan daerah sanesipun. Acara menika dipun lampahaken dening keluarga ingkang nembe mawon gadhah putra, ateges acara menika namung dipun lampahaken kaliyan putra ingkang mbajeng mawon. Menawi adhik-adhikipun boten wajib dipun lampahaken. Acara menika dipun tindakaken nalika bayi umur sepasar utawi gangsal dinten (5). Pramila, acara kasebut dipun paring nama sepasaran, amargi dipun tindakaken nalika bayi umur sepasar. Acara menika dipun tindakaken wonten ing dalemipun tiyang sepuhipun bayi.
Acara menika dipun tindakaken kanthi sederhana. Namung selametan sarta ngundang sanak sadulur kemawon. Acara dipun tindakaken wanci dalu, padatanipun sabibaring sholat isya’. Acara menika kendurinan. Sabibaring kendurinan dipun lajengaken acara rasulan utawi ngethok rambutipun bayi. Bayi mau dipun gendhong dening ramanipun, lajeng simbahipun (bapak saking ibu bayi) mayungi bayi sarta bapakipun. Bayi kasebut dipun ubengaken sarta rambutipun bayi wau dipun kethok mawi gunting. Dipun sarengaken kaliyan maos shalawat nabi. Menika nggadhahi pasemon bilih bayi kasebut sageda dados putra-putri ingkang soleh/solekhah, ngabekti kaliyan tiyang sepuhipun sarta saged migunani kagem nusa, bangsa, lan agama.
Ingkang kapisanan ngethok menika kyai utawi sesepuh kampung, lajeng dipun lajengaken kaliyan tiyang sanesipun. Rambutipun bayi wau lajeng dipun pendhem dados satunggal kaliyan ari-arinipun. Sabibaring acara rasulan wau, para tamu saged kondur utawi dherek mirsani acara salajengipun. Inggih menika acara beksan “Angguk Karya Muda”. Tarian menika dipun tindakaken nalika sabibaring acara kenduri sarta acara rasulan.

Tari angguk menika dipun paragakaken dening para pemuda, watawis kelas SMP utawi SMA. Pramila, tari menika dipun sebut angguk karya muda, ingkang gadhahi teges bilih tari menika jiwanipun para pemuda. Tari menika ngagem busana jangkep, topi, rompi, celana hotpen, sarta kipas ingkang dados alatipun. Ingkang nari menika tiyang 12 ngantos 18 paraga. Tari menika nitikkaken gerakan tangan kaliyan kipas, sarta lenggak-lenggok badanipun ingkang seiring kaliyan astanipun. Tari menika dipun lampahaken nalika acara sepasaran bayi, khitanan, sarta acara penyambutan tamu ingkang wigati, kados ta wali kota, camat, bupati, lan sanes-sanesipun.
Wis bola-bali Paimin ngomong karo Inah bab karepe arep tuku HP. Dheweke kepingin kanca-kancane sing wis padha duwe HP. Biyen mono HP isih larang. Sing nyekel HP mung wong-wong sing dhuwite akeh. Penghasilane gedhe. Bakul kaya Paimin ngendi ana sing nduweni HP. Biyen kuwi ora kabeh uwang cekelan HP. HP isih arang Biyen merek HP sing mlebu Indonesia urung akeh kaya saiki. Saiki merek HP neka-neka, jenise uga neka-neka, regane uga neka-neka. Ana sing murah ana sing larang. Pokok regane saingan. Kaya-kaya malah murah-murahan, sebab golek pelanggan.

Sapa wae saiki wis cekelan HP. Bocah-bocah SMP jalukane HP, SMA apa maneh. Sansaya bocah kuliahan sing adoh saka wong tuwa. Rata-rata budhal saka asale digawani HP. Khawatir menawa mengko ana apa-apa. Disangoni HP supayane bisa cepet kirim kabar. Ora ngertia kuwi marakake anak ora mandiri. Sithik sithik sms. Sithik-sithik telpun. Kapan ana masalah bisa dirampungi dhewe menawa mangkono kuwi mau carane.

Saiki wis ora jaman kabar-kabaran liwat surat. Kabare sms-an. Apa telpun. Ora mangsa maneh ngendepke pikiran lan pengalaman lewat tulisan. Ana masalah sithik langsung sms-an. Ana apa-apa ora dipikir dhisik, langsung telpun. Malah menawa bocah isih cilik, pikirane isih cekak, kedadeane bisa luwih mrihatini maneh. Kaya kae, si Lela, anake tanggane, nganti ora gelem sekolah menawa dheweke ora ditukokake HP. Jare kanca-kancane kabeh wis duwe HP. Mung dheweke sing durung duwe. Dheweke isin, ndeweki ora dhuwe HP. Kaya-kaya dheweke kuwi paling kere sakanca. Kaya-kaya wong tuwane ora kuat nukokake HP. Lela mutung, gelem sekolah menawa wis ditukokake HP. Lela ngerti, wong tuwane ora bakal kere mung nukokake dheweke HP. Bapak ibune nyekel HP dhewe-dhewe. Wong kabeh dhuwe pagawean dhewe-dhewe. Saben dina wong tuwane mesti lelungan nang papan panggaweane. Lela krasa diumbar. Ora digatekake karo wong tuwane. Njaluk HP wae ora dituruti. Apa maneh dheweke rumangsa anak siji-sijine. Bakune, dheweke kudu nyekel HP kaya kanca-kancane.

Menawa ditakoni arep dienggo ngapa, semaure ya mbingungi. Ora jelas. Wong saben dina nang sekolahan ketemu karo kanca-kancane. Menawa ana masalah bisa dirembug ana ing sekolahan. Urusane paling-paling bab pelajaran, apa maneh. Wong tuwane mono, cekelan HP lantaran panggaweane pancen mbutuhake kuwi. Urusan kantore akeh, dadi butuh HP dienggo ngrampungi gawean. Dituturi karo wong tuwane, Lela wis ora manut. Wis ora mikir maneh dhuwe HP kuwi mengko migunani kanggo apa tumrap dheweke. Bakune dheweke dhuwe HP kaya kancane titik. Akhire wong tuwane ora bisa selak. Bisane mung nuruti karepe anak, tinimbang anak ora sekolah.

Saiki kahanan pancen wis bedha. Bocah sekolah cekelane HP. Bakul-bakul nututi cekelan HP. Kabeh bakul rata-rata wis cekelan HP. Kancanane Paimin ya ngono. Sing dhuwe warung kae, kang Bejo, biyen ora duwe HP. Kang bejo kuwi, saliyane ngladeni wong sing tuku moro nang warung, uga ngladeni sing pesen maem kon ngeterke, ketring. Pas dheweke ngeterke ketring, trus takok sesuk pesen maneh apa ora, malah ditakoni nomer HPne pira. Jare arep disms mengko bengi, sesuk arep pesen maneh apa ora. Kang Bejo ya bingung. Wong dheweke ora dhuwe HP kok ditakoni nomer HP. Margo akeh langganan sing kaya mangkono, mula kang Bejo nuli-nuli tuku HP.

Dina-dina iki Paimin sing mbanyaki arep tuku HP. Bojone nganti bengeng ngrungokake omongane Paimin bab pepinginane arep tuku HP.

“Tuku HP ki arep dienggo ngapa tha Pakne. Nganti kaya gawehani ki juragan angkringan sing duwe angkringan nang ngendi-endi. Lha wong angkringane mung siji. Tepunge ya mung karo bakul cakar. Karo wong pasar. Saben dina ya ketemu wong kudu njupuk barang nang pasar. Ngono kok sajak akeh urusan, arep dhuwe HP barang. Mbok ya dipikir menawa dhuwe pepinginan kuwi. Gunane apa. Menawa ora ana gunane, mung dienggo gegojekan karo kanca, mbok ya rasah dhuwe HP kae ngapa. Menawa mung arep dienggo mbagusi wae, wis ora usah tuku HP.”

Inah sing ora setuju karo karepe Paimin grenengan dewe ora karu-karuan. Menawa anak-anake, setuju wae bapake tuku HP. Jare mengko men bisa nyilih dienggo sms kancane, nakokake pe-er menawa ora bisa njawab. Margo kuwi, anake, loro-lorone mbujuki bapake supayane cepet-cepet tuku HP. Kancanane wis akeh sing dhuwe HP. Malah wis dicatheti kabeh nomer-nomere. Mengko menawa bapake wis tuku HP bisa cepet-cepet sms kanca-kancane kuwi mau.

Inah, tetep karo panemune. HP kuwi ora akeh gunane tumrap keluargane. Malah mengko anake ora padha tau sinau. Menawa ora bisa nggarap pe-er langsung sms kancane. Bisa-bisa olehe sms-an ora tekne angel pe-er-e ning margo males ora gelem mbukak buku wae.

“Apa ya ora njalari bodho menawa ngono kuwi,” ujare Inah.

Anak-anake ora padha ngrungokake pituture Makne, kepingine ya bapake dhuwe HP. Malah janji-janji ora bakal lali sinau. Pokoke menawa jalaran ora bisa-bisa tenan ora bakal takon masalah pr marang kanca-kancane. Arep takon mung nek babar blas ora bisa nggarap. Bocah loro kuwi mau pancen klop. Kaya mimi lan mintuna. Kompak. Ngalor, ngalor kabeh. Ngidul, ngidul kabeh. Samono uga bab HP. Kompak, mbiyantu bapake mbujuki Inah men ngolehake bapake tuku HP.

Inah anyel, saben-saben bapak sak anak rembugane bab HP. Ora awan ora mbengi. Pokoke ora ngerti wayah. Sithik-sithik HP. Hp maneh, HP maneh. Paimin dhewe ora wani terang-terangan ngomong bab HP marang Inah, mung sepisan. Nalika pepinginan kuwi nyedhul mak trucul nang pikirane ora kena diampet maneh. Kawit sepisanan kuwi Inah wis ora setuju. Maido terus apa sing diomongake karo Paimin. Rembugane ora nganti rampung. Durung-durung Inah wis ora setuju. Paimin durung rampung olehe omongan, wis disauri karo Inah. Bola bali arep ngomong, lagi wae ngomong arep tuku HP, durung dijlentrehake arep dienggo ngopo, wis diwangsuli karo Inah. Inah menawa wis ngomong rak ya borongan. Ora kena distop menawa dudu karepe dhewe. Kadhang wis ditinggal lungo, menawa durung enthek apa sing arep diomongake, ya durung mandhek olehe omongan. Ngomong dhewe. Kadhang nganti ora rumongsa wis ora ana sapa-sapa maneh nang sandingne. menawa wis ngerti ditinggal lunga, suarane dilirihke. Grundelan dhewe.

Awan kuwi, anak-anake padha lagi wae mulih sekolah. Lingguhan karo bapake sinambi nyuweki kertas sing arep dienggo mungkusi sega.

“Pak, kapan mundut HP?” pitakone anake sing gedhe.

“Inggih Pak. Bapak pripun tha. Ngendikane badhe mundhut HP. Kok pun dangu sanget dereng sios-sios anggenipun badhe mundhut niku kepripun. Janjane, sios bhoten bapak niku badhe mundhut HP?” anake sing cilik nimbrung pitakone mbakyune.”

“Enggal-enggal kemawon mundhute HP nggih, Pak. Kula sakniki kathah pe-er, saniki sampun ajeng ulangan semesteran, dados kathah pe-er. Pe-er-e angel-angel, Pak. Mangkih menawi kula mboten saget nggarap pripun? tanglete dateng rencang pripun? Menawi mboten saget tanglet, trus mboten saget nggarap, tiba mburi biji kula mboten sae pripun? Nanging estu lho, Pak, kula pareng ngampil menawi bapak mangkih kagungan HP.” anake sing gedhe nambahi olehe matur.

“Inggih pak, kula nggih selak kepingin nyekel HP. Kajenge boten ketinggalan jaman, Pak,” ujare anake sing cilik mbujuki maneh.

“Eh, Wit, jajal kowe matura marang makmu kana. Wis ngolehi durung,” Paimin kongkon anake sing cilik. Pancen Paimin ora wani ngomong maneh bab HP marang bojone. Menawa lagi kekandhan bab HP karo anak-anake wae, swarane lirih-lirih menawa Inah ana nang cedhake. Sebab, menawa Inah krungu sithik wae Paimin isih ngotak atik perkara HP, orao diajak rembugan kae, Inah bakal melu-melu lan ngomong sadawane. Dadi Paimin wanine ngethik anake supaya anake sing ngomong karo Makne. Pikire, suwening-suwe bojone kuwi bakal luluh lan ngolehke Paimin tuku HP. Sebab liya, Paimin ora sansaya ndadi kekarepane, margo sawise dipikir-pikir, dheweke mbenerake apa sing saben dina digrundelake bojone kuwi.

Dikethik bapake ngono, anake sing cilik mangkat tenan. Dheweke nang ndapur, nyedhaki makne sing lagi daden geni.

“Mak, tak matur tha Mak.”

“Ana apa Wit, apa wis rampung olehmu ewang-ewang, kok wis mrene.”

“Nganu, mbenjang tha Mak,”

“Apa. HP maneh. Kowe kuwi saben dina sing dirembug kok, HP.” Durung rampung anake olehe arep matur, wis disauri karo Inah. Sebab, Sanajan Paimin olehe kongkon klesik-klesik, jebul Inah krunggu, sebab pas Paimin ngethik anake mau, Inah mbutuhake rek sing bar dienggo udut Paimin. Rek kuwi, dideleh lincak cedhak olehe padha nyuweki kertas kana mau.

“Mbenjang tha Mak,” anake kuwi mau, nrucul wae omongane arepa Inah sajak mengkak.

“Mbenjang tha Mak, menawi sampun gadhah HP, Mamak saget sms-an saben dinten kalih mbah putri lan mbah kakung. Wong mbah putri nggih kagungan HP. Mangkeh menawi kinten-kinten cakare kirang, Mamak saget sms nyuwun dienggehi. Riyin nika, pas cakare kirang, wong jare kersane dodolan namung bar magrib dugi ndalu margi badhe tilik tiyang sakit trus mboten sios, Mamak gage tindhak pasar jebul pun telas. Ngendikane mbah putri cakare nembe mawon telase. Menawi saderenge budhal sms riyin rak cakare saget dienggehake kaliyan mbah putri. Ajenga ingkang mande cakar simbahe piyambak nika, rak nggih mboten pirsa menawi cakare kirang, dados nggih disade dateng piyantun sanes. Napa malih simbah putri kaliyan simbah kakung menika namun kekalih wonten ndalem. Mangkih menawi kangen rak saged sms. Menawi mamak kangen simbah nggih saget telpun.”

“Wit, Wit, omahe simbahmu kae rak ya mung cedhak. Mlaku ya tekan. Menawa kangen ya bisa mara, mlakune ora nganti jam-jaman. Bab cakar ora kena dienggo alasan, wong ora saben dina ana lelakon kaya mangkono. Wis kana, rasah motar matur bab HP maneh. Bapakmu ki pancen kok,” ngomong ngono kuwi Inah ora mandhek anggone manggawean. Wiwit sing wis apal lagone Makne langsung lunga, bali melu bapake. Menawa wis ngono kuwi mamake wis ora kena diajak rembugan maneh.

“Ngendika piyambak Pak, kalih Mamak. Wong Mamak mboten mirengke leh kula matur kok,” tembung anake kanthi rupa nyuntrut.

Paimin meneng wae ora semaur. Keluarga menawa ora kompak kabeh rak kuwi ora luwes, bisa-bisa mung njalari masalah tiba mburine, batine Paimin.

Cerpen Bahasa Jawa: Soto Angkringan

Selasa, 06 Januari 2015

Ayumu Jebul Ora Tulus

 Jaman saiki, wong lelungan yen ora nduwe kendharaan dhewe jan rekasa. Yen mung jarak dhekat, ing jam-jam budhale bocah-bocah sekolah utawa pegawe mesthi kebak mencep. Malah akeh wae sing mung trima nggandhul neng lawang sing sejatine banget mbebayani. Ning ya piye, mbok menawa timbang tekan nggaweyan utawa sekolahan keri/telat. Mula direwangi nggandhul ya dha dilakoni.
Kaya dene bis kota sing tak tumpangi wektu kuwi, lakune nggremet merga kakehan penumpang. Ewadene ing sadalan-dalan kenek isih bengak-bengok tawa, mangka njeron bis wis jejel riyel.
Bis sing wis nggereng-nggereng kabotan penumpang mau, sedhela-sedhela mandheg, saperlu ngunggahake utawa ngudhunake penumpang. Wis jan ora ana nikmate babar pisan kanggone penumpang, sing lungguhe tansah terus ditetel kuwi.
Sopir lan kenek sing dipikir rak mung daya-daya entuka dhuwit akeh, ra tekan nggon mikirake kenyamanane penumpang.
Ya begjaku, dene wiwit munggah mau, aku entuk jejeran bocah ayu. Senajan lungguhku jejer, ora bisa nyawang mat-matan, ning yen mripatku nglirik jam aku kudu kepingin weruh terus bagiyan-bagiyan awake.
Wiwit saka sikil sing kuning mulus, kanthi kuku dikitek abang getih, njur tangane, sing drijine mucuk-mucuk ri uga diabang kukune. Eman, aku mau munggah kok ora gage kenalan.
Awit bocah mau lagi katrem maca koran, sing sajak asyik banget. Mung rambute sing ketel njanges ireng kuwi, angger-angger nampegi raiku kena isise angin jroning bis mau, nambahi nikmatku.
Aku bisa ngrasakake segere ganda parfum sing dienggo bocah kuwi, cetha dudu parfum murahan sing bisa marahi neng sirah mumet.
Saking notole olehku kepingin kenal, tak bukani pitakonan sing dheweke bisa ngalihake olehe maca.
“Wonten kabar ingkang hangat, mbak?” ngono pitakonku timbang anem mundhak diarani lara gomen.
“Kabar pembunuhan semakin menjadi, mas?” ngono wangsulane cekak. Bar kuwi bali maca maneh.
Wih angkuhe bocah iki, dupeh ayu, njur jual mahal. Pancingan pitakonan gagal, wong nyatane ora ana tanggapan lan kawigaten. Ning dudu aku Suwarto sing kondhang gawe lakon, yen nganti ora kasil nelukake cah ayu sing mung siji iki. Aku bali muter utek, nganggo cara piye, supaya bocah iki gelem nggatekke aku. Bareng wis entuk bahan gage ndak uncalake pitakonan maneh neng dheweke.
“Mbak, prastawa Rano Karno kenging musibah punika sampun mlebet koran dereng?” pitakonku serius. Kontan dheweke leren olehe maca njur nyawang aku kanthi nanjakke karo takon.
“Rano Karno bintang film kondhang punika, ta mas?”Kandha ngono mau karo ngulungake koran sing diwaca marang aku, karo mangsuli.
“Kok dereng, mas, wonten mriku dereng dipun muat” kandhane.
“Lajeng kenging musibah punapa, mas, Rano Karno?” cah ayu mau ndhedhes kepingin ngerti.
“Dhawah saking bis mbak?” wangsulanku ngglayem.
Mangsoa dimot, sebab pawarta mau ora bakal ana, awit kabeh mau mung pangreka dayaku murih bisa kenal becik karo dheweke.
“Rano Karno dhawah saking bis kota wonten pundi, mas?” bocah mau isih ngoyak terus.
“Wonten Jakarta, mbak, ning kula kinten mboten badhe kababar ing koran, amargi kedadosan punika pancen kajarag.
“Lho kok aneh, mas, kajarag kados pundi?” Uh kena pancinganku, jebul bocah iki akeh guneme, kemrecek kaya grontol wutah ora kena diselani. Tiwas mau tak sengguh angkuh. Gage aku mangsuli karo ngguyu.
“Inggih mbak, amargi menika rak namung nuruti skenario sinetron. Si Dul Anak Sekolahan? ingkang kaping kalih.” Krungu angsulanku mau, cah ayu mau kontan njaguri pupuku, ndadekake bungahku. Wusana dheweke takon :
“Mas ini kayaknya wartawan ya?” ngono kandhane nganggo basa cakecandhake.
“Bukan?” kandhaku gedheg.
“Kalau bukan wartawan, pengarang ya?” Aku gedheg maneh, ndadekke cah ayu kuwi ngguyu karo kandha.
“Apa malah perayu, mas?” Aku nyawang dheweke tajem. Uh jebul ayune uleng-ulengan bocah iku. Yen ngguyu dhekik pipine, untune rintik-rintik rapi rinengga janggut nyanthik, lan lambene ah, aku dadi nglameti lambeku dhewe. Ngerti olehku nyawang nanjakke, cah ayu mau kecipuhan anggone ngendhani panyawangku, saya nambahi gregetku. Dheweke njur kumlawe nganggo epek-epeke nutupi raiku karo kandha.
“Uwis mas, lehe mirsani, ndhak sesuk njur jeleh.” kandhane. Epek-epek tangane tak cekel banjur tak remet-remet, cah ayu mau meneng wae mung pitakone ndedhes terus.
“Mas, mbok ngaku, penjenengan kuwi ngastane neng ngendi?” jawabku.
“Penganggur, mbak, sekaligus pelamun.” Cah ayu mau gage nyaut.
“Ta rak tenan, penjenengan mesthi, nek dudu wartawan ya pengarang, loro-lorone Kuwi ora bisa dipisahake, mas, mbok ngaku ta!” Sidane aku ngaku, wong nyatane wis kepojok ora bisa menggok lan nutup-nutupi maneh.
“Iya mbak, aku pancen nduwe andhil minangka skenario ing sinetron Si Dul Anak Sekolahan?” aku ngaku jujur.
“Mula, mas, ra mungkin wong lagi kenal kok wis ndang nakokke kahanane bintang film sing wis kondhang yen ora ngerti seluk beluke?” Kandhane cah ayu rumangsa menang.
“Oh iya mbak, awake dhewe rak durung kenalan ta? Jenengku Warto.” Kandhaku karo ngathungake tangan. Cah ayu mau nampani tanganku digegem kenceng karo nyebut jenenge.
“Ningtyas.” Sawise padha meneng-menengan sedhela aku takon.
“Daleme ngendi mbak?”
“Aku Semarang mas, kuliahku mbiyen neng Yogya, ning saiki wis rampung, saiki aku reka-reka nerusake pakulinane ibu, dagang bathik adol lan kulakan sing kerja sama karo bulikku sing neng Yogya. Nek penjenengan, mas?” Ningtyas genti takon.
“Asalku mono Sala mbak? ah kok mbak, nek aku ngaturi Jeng ngono piye, kersa ta? wong nyatane tuwa aku.”
“Wis kono sak kersamu, mas, wong diundang Ning ngono wae, aku ya gelem kok.” Kandhane polos.
“Asalku Sala jeng Ning, ning rampung sekolah aku njur ngumbara neng Jakarta, katut omku sing ngasta neng penerbitan surat kabar sing wis bonafide, wiwit tahun sewu sangangatus sangang puluh wolu. Omku wiwit enome pancen seneng neng jurusan jurnalistik, sing njur kersa nuntun aku neng bidhange.”
“Njur njenengan neng Yogya iki arep tindak ngendi, mas?” Ningtyas takon.
“Mung arep neng nggone kanca lawas Jeng, Yogya akeh pakar-pakar sastra sing pinter gawe crita, jeneng-jeneng lan novele aku nganti apal.” Wangsulanku blaka. Jeng Ningtyas sajak isih arep kepingin crita akeh, ning embuh sidane kok kandheg sajak mangu-mangu, wusana aku sing malah takon.
“Jeng, kapan awake dhewe bisa ketemu mirunggan? Senajan lagi wae kenal rasane kok kaya wis kekancan lawas. Sliramu baud crita lan aku rumangsa seneng kekancan karo sliramu?” Kandhaku tulus. Ningtyas ngawaske aku karo mesem, njur takon.
“Sing marahi seneng nggon ngendi, mas?” Aku dadi salah tingkah lan klicutan entuk pitakon kaya ngono kuwi. Mula wangsulanku sak kecekele.
“Sing marahi seneng ya kabeh, luwih-luwih sliramu sing sulistya kuwi. Wiwit aku weruh sliramu munggah bis mau, atiku kok njur tansah pingin nyawang sliramu terus. Denea sliramu pinaringan rupa ayu sing sampurna. Iba begjane mbesuk sing kagungan ya, Jeng?” Kandhaku tulus, merga atiku pancen kandha ngono. Ningtyas ngawaske aku mesem njur kandha.
“Aku dhewe ya gumun je, mas, bareng aku wis ngobrol karo penjenengan, atiku kok ya njur ketuwuhan rasa seneng. Ning penjenengan rak ora ngagem guna-guna aji pengasihan, apa jaran goyang ta, mas?” pitakone karo nyekikik, sing njalari atiku saya gregeten kepingin nyiwel pipine sing dhekik nggemesake kuwi.
Ning bareng aku eling neng njeron bis kabeh ndak ampah, kanthi ora diweruhi penumpang liyane, Ningtyas ndak jiwit cilik iringan pupune.
Dheweke njingkat ning ketok yen seneng. Gandheng wis mlebu Yogya, aku sing rumangsa durung marem ngobrol karo dheweke, aku mancing takon.
“Nek sing sliramu jujug daleme bulik, njur ngendi kampunge, e sapa ngerti aku bisa nggoleki sliramu mrana Jeng?”
“Daleme bulikku Tamansari, mas, ning penjenengan ora sah rawuh rana, bulikku kuwi watake seneng praduga, mengko dikira aku cah sing seneng kangsen-kangsenan karo priya.” Kandhane Ningtyas elik-elik kekarepanku, kepingin nemoni dheweke. Ning sidane, dheweke njur kandha maneh.
“Ngene wae pa, mas, yen penjenengan kepingin nemoni aku?” Ningtyas meneng mikir. Gandheng atiku selak notol, gage aku ngoyak takon.
“Iya wis Jeng, aku manut ketemu neng ngendi aku ndherek, angger diparingi ancer-ancer utawa alamat sing gumathok, mengko mesthi ndak goleki?
“Iya, mas, nek ora kleru baliku suk emben dina Kemis, dadi aku rong ndina ana Yogya, gandheng aku dititipi ibu nebus resep, entenana wae neng Apotik Sumber Waras kira-kira jam loro awan neng Jl. Wonosari, awake dhewe ketemu ana kana. Piye?” Ningtyas aweh keterangan.
“Ngono ya becik, pokoke sapa sing teka dhisik, ngenteni.” Bubar kandha ngono, njur gage aba sopir.
“Pak sopir kiri, pak!” Bis minggir njur mandheg, Ningtyas nyangklong tase ngadeg njur siap arep mudhun ndak tutke kanthi mripatku sing kamitenggengen.
Mudhune wong ayu Ningtyas, gawe growahing atiku. Atiku sing mau kebak kembang-kembang endah, saiki dadi angluh lan pepes. Upama bocah cilik mono, pindhane direbut dulanane, sing lagi nedheng-nedhenge disenengi. Mesthi wae beka lan nangis.
Gandheng aku jaka sing wis diwasa, growahing atiku ndak samudana. Isih ana saplethik pengarep-arep, yen rong ndina maneh aku bakal bisa ketemu karo dheweke. Grayah-grayah, aku reka-reka mbukak Koran sing mau diulungake Ningtyas marang aku. Ning ya kuwi mung ndak enggo wangun-wangun. Wong mocoa ya ora ana sing nyanthel neng utek utawa pikiran. Sing ana mung wewayangane wong ayu Ningtyas, sing tansah gumawang neng pardo ning netra.
Nganti bis mandheg neng Terminal Umbulharjo, aku lagi sadhar yen wis entek rutene. Aku melu-melu penumpang liyane klunuh-klunuh mudhun kanthi tanpa tujuan. Acaraku sakawit, sing arep nekani omahe kanca-kanca pengarang dadi ambyar, merga tekane widadari sing ora kenyana-nyana kuwi.
Ah, pancen kok, urip mono aneh. Mula saiki aku ora nggumun, yen ana wong sing uripe wis diprogram? dirancang tharik-tharik, ning gagal. Iki wae aku saka ngomah mung ngrancang tilik-tilik kancaku lawas saka sanggar kayata: Ay. Suharyono, Krisna Miharja, Ardini Pangastuti, Rita Nuryanti, Widi Pratiwi, Indria Siwi, sing tulisane wis sasat angger irung ngerti lan padha disenengi.
Klitih-klitih metu saka terminal bis, aku wis ditawani taksi, becak, sing pating craek, ning ora tak gape. Aku ngunyluk mlaku sing tanpa tujuan, embuh mengko tekan ngendi, aku dhewe ora ngerti.
Aku pancen wis diwasa, wong umurku wis ngancik wolu likur taun, ning aku durung tau ketaman rasa sing kaya ngene iki. Mangka sasat saben ndina, aku srawung wong-wong ayu (para seleberitis), sing padha ngayahi main ing sinetron sing aku melu nangani.
Apa ya ngene iki ta, sing diarani gandrung karo prawan utawa jatuh cinta ngana kae? Ah? ya embuh.
Sing cetha, kabeh kekarepan sing tak gantha-gantha saka ngomah pingin kangen-kangenan karo kanca lawas dadi ambyar. Ganti gawang-gawang lelawane sang ayu anyar katon, sing kumantil neng telenging pikir, sing angel ndak kipatake.
Sidane aku njur neng Suryabrantan njujuk neng daleme budheku nak sanake ibuku. Neng kana ana mas Wawan, putrane sing isih ana S.M.A. bocahe pinter nggitar lan nyanyi, wis pokoke serba bisa. Nyanyi apa wae bisa.
Apa maneh yen gitare disetel banjaran, njur lagune lagu-lagu langgam utawa kroncong, jan? neng ati bisa nganyut-anyut? rumesep neng sanubari. Ya iki sing bisa njur malah nggugah atiku aku daya-daya inggal cepet kepingin ketemu Ningtyas.
Dina sepisanan aku neng nggone budheku, dikancani Wawan, aku bisa neng Nitiprayan nggone mbak Widi Pratiwi, njur neng Pirak nggone Mas Krisna, lan dina sing kaping pindhone, aku neng Kotagedhe nemoni mbak Ardini sing putrane pancet lagi siji wae kuwi, durung tambah.
Gandheng wis kangsen karo Ningtyas, mula nemoni kanca-kanca liyane ndak batalake dhisik, merga atiku selak kemrungsung. Saka nggone mbak Ardini jam rolas, mula aku pamit budhe lan Wawan yen arep bali mulih menyang Sala.
Aku emoh diterke tekan terminal, alasanku arep mbecak wae, ngiras nglaras wis suwe ora numpak ecak.
Tekan ndalan gedhe aku ngawe taksi. Pamitku karo budhe pancen mulih, ning sopir taksi tak duduhi alamat Apotik Sumber Waras ing Jl. Wonosari kok njur manthuk ngerti, mula aku gage munggah, taksi nggeblas tumuju alamat sing tak tuduhke.
Ora suwe taksi mandheg presis neng ngarep apotik, aku banjur mudhun. Saka kadohan ndak sawang, apotik kuwi pancen gedhe. Barang cetha kaya pitudhuhe Ningtyas, aku banjur nyedhak, ngawaske wong-wong sing padha ana ing kono siji-siji tak jingglengi, ning aku ora nemokke dheweke.
Bareng aku ndeleng jam tanganku pranyata lagi jam siji seprapat, mangka kangsene rak jam loro, ateges aku sing teka luwih gasik. Aku banjur lungguh kursi sedhiyane wong-wong sing padha antri nebus obat.
Mripatku tansah ngawasake dalan gedhe. Ora suwe ana taksi mandheg lan ngudhunake penumpang. oh kuwi Ningtyas sing tak tunggu-tunggu.
Aku menyat saka lungguhku terus methukke dheweke. Bareng weruh aku, wong ayu kuwi malah mandheg lakune, nyelehake tas gawane, aku diawe supaya nyedhak.
Ya ampun! gawane jeng Ningtyas gedhe tur katon yen abot. Kandhane bareng cedhak.
“Rewangi yuk, mas, iki conto daganganku batik, sing sesuk kudu ndak setor menyang Surabaya, penjenengan mau wis suwe lehe nunggu, mas?”
“Durung kok, jeng.” wangsulanku.
“Apa ngene wae mas, penjenengan neng kene sedhela, aku tak ngijolke resep, dadi ora perlu ngoyong-oyong tas iki.” kandhane jeng Ning.
“Ngono ya becik, jeng?” wangsulanku. Jeng Ning terus mlebu apotik, saka kadohan ndak sawang omong-omong sedhela karo pegawene, bar iku njur bali marani aku karo kandha.
“Mas, obat sing dibutuhake ibu entek, sesuk wae tak golekne neng Surabaya.” kandhane santai.
“Njur iki kersane arep neng ngendi Jeng?” aku takon, mergane tak sawang jeng Ning kok sajak riwut ora tenang.
“Wis golek hotel wae, mas, neng kana bisa ngobrol karo ngaso, merga budhalku rak kudu mengko pesawat terakhir sing jam wolu take of.”
“Jeneh kok ya mulih pesawat sing budhale wengi ta, Jeng? Dikengsel wae rak bisa lewat tilpun, kanggo budhal sing sesuk-esuk?” Kandhaku aweh pamrayoga.
“Ora bisa, mas, wong aku wis kebacut janji” wangsulane serius.
“Wah urusanmu dagang kok nguras tenaga lan pikiran ta, jeng?” Kandhaku.
“Lha piye, mas wis kebacut, dhuwit lan dagangan wis ana tangane wong-wong, penjenengan ora seneng, ta mas?”
“Olehe seneng ya seneng, jeng, ning mesakake slilramu.” wangsulanku.
“Wis ayo, neng hotel ngendi lehe arep ngaso, aku tak golek taksi.” pangajakku mbarengi tekane taksi, jeng Ning ngangkat tas sing gage tak jaluk. Karo mlebu taksi jeng Ning aba.
“Pak, teng hotel Gadhing.” taksi banjur budhal, aku wong loro neng njeron taksi mung meneng-menengan. Jeng Ning polatane surem, ora ceria kaya nalika ketemu aku sepisanan neng ngebis kae.
Mlebu kamar hotel wasise wong loro nyelehake tas diseleh ing rak, Jeng Ning terus ngebrukke awake neng dhipan karo kandha.
“Wis, mas, saiki awake dhewe bisa crita satutuge, dhasar iki sing tak anti-anti.” Kandhane.
“Padha, Jeng, rasane cepet-cepet gek ndang ketemu sliramu, ya notol banget neng atiku.” Kandhaku blaka.
“Wow yen ngono mung padha, wiwit tepung lan weruh penjenengan sepisanan kae aku njur piye ngono je, mas, karo penjenengan.” Kandhane jeng Ning karo ngguyu sajak piye.
Weruh untune sing rintik-rintik lan dhekik ing pipine, aku gage nyedhak, rasane kaya kepingin nyiwel pipi sing empuk kuwi.
Jeng Ning banjur ngiringake awake, mepet lingir dhipan lungguhku, kaya aweh lampu ijo kanggoku, tumindak sing luwih adoh.
Lagi wae sikilku ndak angkat munggah ing kasur, jeng Ning wis ngrangkul bangkekanku kenceng. Ndak sikep dheweke ndak tangekake, dheweke nglendhot, sirahe diseleh ing dhadhaku kebak pasrah, karo kandha.
“Mas Warto, iba bungahku yen aku bisa sesandhingan ngene iki terus karo penjenengan, tanpa keganggu tugasku dagang sing nguras tenaga lan pikiran iki.”
“Mulane ta mulane jeng, lerena bisnismu, aja ngangsa. Pira akehe dhuwit sing wis ana tangane wong, mengko tak ganti, kuwi rilakna, sliramu ngasoa!”
“Masalahe ora segampang kuwi, mas.” Kandhane Ningtyas, karo dumadakan kembeng-kembeng lan njur nrocos mripate. Atiku krasa welas banget, saya ndak kekep kenceng ing dhadhaku karo tak ndhedes pitakonan.
“Jujur jeng, apa sliramu kejiret utawa kejeglong utang?” Jeng Ning gedheg tandha yen ora.
“Lha njur ngapa sliramu kok malah nangis?”
“O, mas, genea kok lagi saiki aku bisa ketemu penjenengan?” Kandha ngono tangise saya mingsek-mingsek memelas.
Ndak elus rambute kanthi kebak soking asih, karo takonku. “Jeng, apa merga sliramu wis kaiket ing priya sing ora mbok tresnani? utawa wis dirembug dadi, ning sliramu gela utawa ora seneng? Aku jeng mengko sing mberesi, merga aku pancen tresna banget marang sliramu. Yen ora percaya, kapan jeng Ning saguh ndak lamar? sesuk apa suk emben, aku saguh sowan wong tuwamu nglamar sliramu.”
Jeng Ning saya kenceng pangrukete neng awakku, kaya-kaya wis emoh uwal.
“Wis Jeng ditata atine, mengko njur critoa apa sing gawe ribeting atimu, mengko ndak rewang-rewangi mikir, angger wae aku bisa.” Kandhaku ngayem-ayemi.
“Tenan, mas, yen penjenengan mengko wis pirsa aku satenane, penjenengan ora bakal gela lan gedhene ninggalke aku” pitakone kanthi swara nglentrih.
“Ora, jeng, tresnaku iki tulus, upamoa sliramu wis keblasuk ing donyaning bocah nakal utawa wis nate neng papan jember, yen sliramu kersa mertobat, kapok ora bakal nglakoni maneh, aku isih bisa ngapura, lan nampa sliramu apa anane. Kabeh tumindakmu bakal ndak lalekake.” Kandhaku tulus.
“Oh ora, mas, dudu kuwi. Aku ora umuk, mas, aku iki isih wutuh kenya, aku durung nate srawung kebablasen ngladeni priya. Senajan wis akeh sing ngarepke aku, ning atiku durung tau kecanthol karo priya kejaba mas Warto iki. Yen penjenengan ora percaya, mas, sarehne penjenengan wis blaka yen tresna lan bakal ngrengkuh aku dadi garwa, saiki uga bakal ndak buktekake. Mas yen penjenengan ngersakke mustika keprawananku, saiki uga bakal ndak caoske. Mengko penjenengan bakal pirsa yen aku nyata-nyata isih wutuh.” Kandhane cetha.
“Oh, matur nuwun jeng, jebul kleru pndakwaku. Pangapuramu wae ya, jeng. Ha njur apa sing marahi sedih penggalihmu?” aku ngambali takon. Jeng Ning meneng wae, mung ngusel-uselke sirahe ing guluku, kaya njaluk pangayoman. Nganti sawetara meneng wae. Aku ya ora wani neter pitakonan mundhak dheweke saya bingung. Wusanane dheweke takon maneh.
“Dadi penjenengan ora ngersakke, yen tak caoske mustika ajining dhiriku, mas?”
“Ora, jeng, aku percaya ing kandhamu kuwi kabeh. Anggonku bakal mbuktekake, mbesuk wae yen awake dhewe wis tinalenan ing nikah sah jroning wengi sing sepisanan. Mung welingku, jeng, jaganen kuwi, mbesuk ngemungna aku sing mbuka wiwaraning kori kawanitanmu kuwi.” Krungu kandhaku mau, jeng Ning bali ngruket aku kenceng karo kandha. “Oh, mas, ya mung penjenengan priya seprana-seprene sing tak goleki, sing bisa ndak enggo ngayom salawase.” Kandha ngono jeng Ning nyawang aku tajem ngemu surasa jero, banjur kandhane.
“Mas, olehku arep matur akeh sing dadi aboting atiku, mbesuk wae ya yen wis bali saka Surabaya. Lakuku wae dongakna slamet tekan nggone.”
“Iya, jeng, muga-muga tindakmu tansah pinaringan slamet tekan papan tujuan.” kandhaku. Jeng Ning manthuk-manthuk isih karo gondhelan awakku kenceng sajak eman ngeculke. Sawise mikir-mikir sedhela njur kandha. “Apa ngene wae, mas, gandheng numpak pesawat, rak mung sedhela, aku mengko njur nyerahke conto-conto bathik dagangan kuwi karo bayar-bayaran. Bubar kuwi wis rampung. Sesuk aku rak bisa bali mruput mrene maneh. Piye nek penjenengan ngenteni tekaku neng hotel kene. Mengko mudhun pesawat, aku tak tuku tiket kanggo penerbangan sing esuk dhewe. Piye, penjenengan kersa? Terus terang aku durung tutug mas. Sesuk aku tak crita akeh.”
“Ngono ya becik jeng, pokoke apa kersamu janji bisa aku manut.” kandhaku.
“Jeng Ning njur nyawang jam tangane, njenggirat karo kandha.
“Wis jam enem mas, aku tak siap-siap adus.” ngono kandhane karo mlayu neng kamar mandi. Rampung adus terus dandan, cekat-ceket sedhela wae wis rampung. Aku jan gumun karo tandange jeng Ning sing sarwa cepet, ora kaya bocah wadon sing sareh lan aleman, yen ana ngarepe pacare. Iki blas ora, bareng wis arep budhal, jeng Ning nyedhak aku ngrangkul karo kandha.
“Tenan ya, mas, aku ditunggu neng, hotel kene?” kandhane.
“Iya jeng, sing ngati-ati.” ndak aras bola-ali jeng Ning sing ayu kuwi kanthi ati sumedhot. Let sedhela, keprungu lawang dithothok saka njaba.
“Masuk” kandhaku dhasar lawange mung diinep. Bellboy mlebu aweh weruh, yen wis ditunggu taksi. Sepisan meneh jeng Ning tak kekep kenceng sawise ndak wudhari, dheweke banjur mlayu tumuju taksi sing bakal nggawa dheweke menyang bandhara, ndak tutke kanti panyawangku sing tumlawung.
Bengi aku ora bisa-bisa turu, lam-lamen citrane Ningtyas sing ayu. Ning denea atiku rasane kok melang-melang lan kebak rasa samar.
Lagi bareng wis kliwat tengah wengi aku lali keturon. Tangiku wis awan therong-therong terus adus. Awak rada krasa seger, piyama sing tak nggo turu tak copot, ganti hem lan clana njur metu lungguhan ing njaba. Koran anyar sing gumlethak neng meja tak saut tak iling-ilingi.
Kagetku ngluwihi krungu bledheg ing mangsa ketiga, bareng aku weruh fotone jeng Ningtyas ukuran gedhe kapacak ing surat kabar mau. Karo ndredheg ndak waca tulisan ing ngisore, unine.
“Telah tertangkap otak sindikat perdagangan narkoba di bandara kemarin malam, dalam perjalanannya menuju ke Bali. Di dalam tasnya terdapat heroin setengah kg, surat-surat/KTP palsu dari beberapa kota dengan sedhabreg nama contoh: Ida Ayu Artini, Neneng Anisah, Rr. Prabaningrum, Ayuningtyas dan masih banyak lagi.”

Sejak masuk kota Yogya sudah dikuntit oleh yang berwajib. Diantaranya di Apotik Sumber Waras, di hotel Gading, dan akhirnya ditangkap di bandara. Sekarang sudah diamankan di kantor polisi. Dheg! atine Suwarto njola, dheweke rumangsa ngancani sak awan neng hotel iki, ning blas ora ngerti. Malah dheweke wis kober kecanthol atine. Warto gage neng kasir mbayar, lan cek out wektu iku uga. Karo ninggalke hotel grenenge Warto “Oh! Ning kowe kuwi cah ayu, jebul ayumu ora tulus, ning tega ngrusak generasi bangsa lan penerusmu.”