Katuran dumateng Bapa
dalah biyung kinasih lenggah ing damper ingkang sampun katata kanti laksana.
Bapa lenggah ing sakiwa tengening penganten.
Sakderengipun jinamas
ing warih, risang bagus/Ni mas Calon temanten putra/putri ing ngarsanipun Bapa
dalah biyung kinasih nyuwun idi pangestu dalah nyuwun agunging pangaksama mring
ingkang rama miwah biyung kinasih. Awit calon temanten putra/putri badhe
lumebet ing bebrayan enggal.
Tangkeping asta sarwa
sumembah ing pepedaning ingkang rama dalah biyung, Calon temanten putri
hangaturaken :
Rama dalah biyung
kinasih, kula ngaturaken sungkem pangabekti saha nyuwun agunging pangaksama
sedaya kalepatan kula, sarta nyuwun tambahing pandonga pangestu anggen kula
badhe dhaup palakrama kaliyan …………………..
Ngger,
putraku/putriku, dak tampa pangabektimu. Wis dadi kewajiban wong tuwa
loro manggulo wentah kowe yo ngger putraku/putriku, Yen ono nakale lan
wangkaling anak iku wis lumrah. Ora ono kaluputan sing kok sandang, kalamun
lego lilo aku lan ibumu paring pangapuro. Dak paringi pangestu anggonmu arep
jejodoan, tak dongakno mring Gusti kang Mahakuwasa mugo-mugo bgyo mulyo
uripmu sempulur nganti sak lawase.
Sanadyano mboten
namung meniko ingkang putra/putri sumungkem ing pepadanira ingkang rama dalah
biyung. Nanging raosing penggalih ingkang rama dalah biyung satuhu beda.
Tatkala sinembah pepadane, kadya sinendhal mayang bathine. Trenyuh jroning
wardaya. Trenyuhing nala ingkang datan sinayudan, satemah rama dalah biyung
kuwawa ngampah tumetesing waspa. Luh marawayan, tumetes tinampi kanthi lumahing
asta mring kang putra. Minangka pratandha tumuruning nugraha, bilih ingkang
rama dalah biyung ingkang sampun paring idi palilah, miwah pangestu dhumateng
kang putra hanggenira arsa dhaup palakrama.
Paripurna ngabekti
ing pepadanira ingkang rama kakung dalah biyung kinasih, Kang Putra calon
temanten mring ingkang rama dalah biyung lumampah tumuju sasana jamas
pasiraman.
Amrih samekta miwah
gangsar samudayanipun, keparenga kula aturi uninga bilih ingkang badhe paring
jamas pasiraman samangke inggih menika, para pepundhen, para pini sepuh, pitu
cacahipun. Pinilih gunggung pitu amrih risang calon pinanganten putra/putri
tansah pikantuh pitulungan, kinasih ing sasama, cinaket mring Gusti.
Para pepundhen dalah
pinisepuh ingkang kula aturaken kala wau inggih menika :
1. Rama …………..
2. Biyung …………
3. Eyang …………
Keparenga dumateng para pepundhen, para pinisepuh kasuwun pangestunipun paring
jamas pasiraman dhumateng risang calon pinananganten putra/putri.
1. Ingkang sepindhah
paring jamas pasiraman nun inggih Rama kakung ……………… kanthi kebak ing
pangati-ati, sarwa sarwi binarung donga suci lumebering toya waradung
saranduning sarira risang bagus/ahayu. Ancles kadya siniram tirta sawindu,
mahanani, ayem,temtrem sajroning nala.
2. Ing kaping
kalehipun, kasuwun ibu biyung kinasih paring pangestu sesuci, age-age marepegi
ingkang putra/putri. Kebak ing sutresna, jinamas ing warih risang calon
pianganten putra/putri. Waradin ing sarira saking pucuking rikma dumugi
samparaning rissang bagus/ahayu.
3. Salajengipun keparenga
ingkang Eyang, nun inggih Eyang …………………………… paring pangestu dhumateng wayah,
kanthi pangestu suci dhiri karana paring jamas pasiraman toya suci perwita adi.
Ketang tresnaning eyang marang wayah, sakderengipun angguyur toya paring puji
pandonga rahayu. Kanthi pinaringan toya perwita sari mugiya calon pinanganten
putra/putri hayem, tentrem, kadya pinaringan pangayoman risang bagus/ahayu
mring ingkang eyang dupi pinaringan pamuji donga miwah siniram ing warih suci.
4. Katuran dumateng……
Mugi risang bagus/ahayu saged kasawaban mring kawegigan miwah kawicaksanan.
Satemah ing tembe saged kasil ing babagan pakaryan.
5. Katuran dumateng
ibu……….. paring jamas pasiraman, mugi Calon pinanganten putra/putri sageta
nderekaken sun tuladanaipun ibu…..
6. Keparenga ibu………..
mugi calon pinanganten saged nulad mring ibu……………
7. Ingkang pungkasan
kasuwun dumateng ibu ………………….. paring idi pangestu dalah paring jamas
pasiraman, mugya pinanganten putri saged handerekaken hambangun kulawarga
ingkang bagya mulya.
Jangkep pitu cacahe
para pepundhen paring jamas pasiraman. Mugi-mugi suci lahir lan bathine risang
bagus/ahayu satemah madhep mantep anggenipun calon pinanganten ing dinten
benjang badhe nglampahi upacara suci sarta sakral agung inggih punika adicara
palakrama. Mawantu-wantu Bapak/Ibu ………… ngaturaken agunging panuwun ingkang
tanpa pepindhan, Muhung Gusti Kang Maha mirah ingkang badhe males luhuring budi
panjenengan sadaya. Amin.
2. SESUCI
MECAH KEDHI
Saklajengipun Bapak
………….. paring toya sesuci ingkang mijil saking telengih kendhi pratala. Kendhi
wus ngarani wadhah, pratala ateges lemah. Ilining toya boten pedhot
mratandahani. Sempulur ing karahayon, sempulur anggenipun kagungan kersa,
sempulur ing sandang, boga, donya brana. Kanthi sesucen menika, mugi-mugi
risang bagus/ahayu anggenipun badhe ngayahi wajib, kalis ing godha rencana,
kalis ing sambikala, hamung rahayu kang bakal tinemu.
3. PANGKAS RIKMA
Titi laksana
salajengipun nun inggih Bpk ………. arsa mangkas rikmane ingkang putra/putri.
”Niat ingsun ngethok
rikmamu angger putraku/nduk putriku, muga-muga dadiya pratandha sempuluring
tuwuhmu, wilujeng, rahayu, wiwit saiki putra/putriku wis dewasa uwal saka
pangkoning rama lan ibu”
Pangkasan rikma
winadhah ing bokor, tinampi dening ingkang ibu. Mugi risang putra/ahayu
nyembadani kekudanganipun ingkang rama miwah ibu kadidene sasmita pangkas rikma
nun inggih wiwit samenika risang bagus/ahayu samekta bawa priangga kalamun
sampun kulawarga mangun gesang tembayatan kaliyan ingkang garwa,
4. PONDHONGAN
Rama kakung tumindak
bopong pungkasan, ingkang paring sasmita hambok bilih ing dinten menika
rama kakung saged mbopong putra/putrinipun ingkang pungkasan.
”Niat ingsun mbopong
putra/putriku, iki dadiya bopong kang pungkasan, sabanjure putra/putriku bisa
bawa priyangga urip tembayatan karo garwamu, kacukupan ing sandhang boga,
bisaa nemu mulya lan raharja ”.
5. NANEM
RIKMA
”Niat ingsun nanem
rikmane putra/putriku, kabeh lelakon kang kepungkur wis kapendhem, hamung
thukula kabecikan tumraping bebrayan, rahayu, widada, nir ing sambi kala ”.
6. DULANG
PUNGKASAN
”Niat ingsun ndulang
putra/putriku, pamujiku dulangan iki dadiya dulangan kang pungkasan. Ing
sabanjure putra/putriku bisaa madeg ing pribadine dewe, nampa kanugrahaning
Gusti, dadiya pangayoming sasama, sempulur ing salawase, widada, nir ing
sambikala
7. SADE
DHAWET
Kawuryan Bpk/Ibu ………
sampun miyos saking panti. Ibu ………. ngindhit wakul minangka wadhahing arta
asiling sade dhawet. Dene ingkang garwa nenggih Bapak ………. ngasta songsong,
kang wus sawega paring pepayung mring kang garwa. Ateges dadi wong tinitah
kakung mono kudu bisa paring pengayoman mring ingkang garwa amrih ingkang
tinitah wadon ayem, tentrem, kalis saking was sumelang .
Sarwa-sarwi Ibu ………
mundhut dhawet, dhawet kaaturaken Bapak ……………..
” Bapakne, piye rasane ? ”
” Enak tenan , Bune ”
Rame anggenaira antri
samya mundhut dhawet, dadya pratandha kalamun ing dinten benjing,
rawuhipun para tamu antri dalidir kadya kang samya mundhut dhawet.
Sarwa-sarwi mirah,
hanggenira Ibu ………….sade dhawet, dhawete ayu, manis ing rasa, mila samya suka
pari suka ingkang samya antri badhe mundhut dhawet. Mboten wonten ingkang
kuciwa ing rasa, samya suka ing nala.
Kajawi punika,
sadayan dhawet ugi dados pratandha bilih bpk/ibu ……….. suka dene mring sesami.
Satemene sapa wonge murah mring sasama, bakal pinaringan murah mring Gusti kang
Maha Kuwasa.
Makaten napa ingkang
saget kula aturaken wonten adicara Siraman menika, mboten kesupen kula ing
ngriki minangka sesulihipun ingkang hamengku gati, ngambali atur sugeng rawuh
sinartan atur agunging panuwun ingkan tanpa pepindang rehning panjenengan para
tamu sampun minangkani pamundhutipun Bpk/Ibu …………….
8. PARA
RAWUH PARA LENGGAH
Dening kula
nindakaken urut reroncenipun adicara, milai purwa dumugi paripurna tartamtu
kathah kekirangananipun ugi kekilafan kula, mila menika kula namung nyenyadhong
lumunturing sih samodra pangaksama dumateng ingkang hamengku gati ugi
panjenengan sedaya, labed budi daya kula manungsa. Nuwun.